Sabtu, 07 September 2013

WIRID HIDAYAT JATI

Bêbukaning Wirid, amrate'lakake' ganêpe' patraping amêjang ngèlmu makrifat kasampurnaning ngaurip, ing kuna wis katindakake dening para Wali kabèh ... 7
Wêwêjangan: Wisikan Ananing Dzat, Wêdharan Wahananing Dzat, Gêlaran, Kahananing Dzat, Pambukaning Tata-malige ing dalêm Bait-al-makmur, Pambukaning Tata-malige ing dalêm Bait-al-mukadas, Santosaning Iman, Sasahidan ... 8
Pamuja, Tobat utawa panalangsa, Pangruwat, Saksi Dzat kita kaya sasahidan Anucèkake sakèhing anasir, Angawinake badan karo nyawa, Sangkanparaning Tanazu'ltarki, Pambirat asaling cahya 10
Angumpulake kawula-gusti, Maha-Sucèkake ing Dzat, angrakit karatoning Dzat, Angrucat jisim, Anarik sampurnaning akrab, Angukud gumêlaring jagad, Ambabar karaharjaning turas, Amasang pangasihan, Amasang kamayan ... 12
BAB GURU, Wajibing wong kang pantês dadi guru, Panganggonaning[1] wong dadi guru, Ugêring wong dadi guru, Utamaning wong dadi guru ... 15
BAB MURID, Kang Wajib dadi murid. Wênanging dadi murid, Panganggoning dadi murid ... 17
Babaring Wirid Kang Amawa Murad Maksud ... 18
Rupa Rupa Wêjangan Saka Para Guru ... 28
--- 4 ---
* Pratikêle Angêtrapake Paraboting Ngèlmu Kasampurnan Kang Kinêkêr Kalarangan Dening Para Wali Samêngko Kawêdharake Kabèh, Panêngêraning dina Kiyamat, Panêngêran kang dhingin, nganti tumêka Panêngêran kang kaping sanga utawa kang wêkasan ... 29
* Wangsite Kanjêng Susuhunan Kalikaga[2] Bab Apa Kang Bakal Kalêksanan Ing Dalêm Jaman Karamatu'llah, 'Alam Rochiyah, 'Alam Siriyah, ' Alam Nuriyah, 'Alam Nuriyah Luhur, 'Alam Uluhiyah, 'Alam Uluhiyah Luhur, 'Alam Uluhiyah Luhur Dhewe ... 39
* Bab Pambirating Ganda Ala Bisaa Angganda Arum ... 46
* Hidayat - Jati ... 47
* Warahing Hidayat - Jati, anuduhake dununge - pangkating ngèlmu makrifat, wêwêjangan saka para Wali ing tanah Jawa ... 47
* Patraping Manêkung saka wasiyat - dalêm Kanjêng Panêmbahan Senapati Ingalaga Mataram ... 51
* Urut-uruting arane Wahananing Dzat, Chayu, Nur, Sir, Roh, Napsu, 'Akal, Jasad, Pratikêle angluluh ing badan wadhag ... 53
* Dêrah Wahananing Dzat, Dêrah Kahananing Dzat ing dunya lan ing dêlahan ... 60
* Dzating Gusti kang nguwasani ing atase tangi lan patining jasad-kita ... 64
* Pralambang-pralambanging ngèlmu ... 65
* Tuwuhe Iradating Dzat ... 68
* Tandha bakal katêkan Bangas sawise cêdhak dina Kiyamat ... 69
* Bekaning ngaurip lan Tapaning ngaurip ... 71
* Panutup mawa Sandi Asma ... 73
--- 5 ---
PAMBUKA
Babon asline layang Wirid Hidayat - Jati iki, karangane sang misuwur Radèn Ngabèi Ranggawarsita, Pujangga Kêraton Surakarta, dikarang sampurnane nalika taun Jawa 1791, utawa masèhi 1862, kaikêt ing basa Jawa krama gancaran kang alus lan endah, tulisan carik aksara Jawa.
Sang Pujangga iku lair ana ing Surakarta, nalika dina Sênèn Lêgi, tanggal kaping 10 sasi Zul'kaedah, taun Be, angkaning warsa 1728, khuruf Alip Kamsiyah Kliwon, utawa kaping 15 Marêt 1802 Masèhi. Wiwite dadi pujangga Karaton Surakarta nalika taun Jawa 1769, utawa Masèhi 1841. Sedane ing dina Rêbo Pon, tanggal kaping 5 sasi Zu'lkaedah, taun Jimakir, angkaning warsa 1802, khuruf Alip Arba'iyah Wage, utawa kaping 24 Desèmbêr 1873 Masèhi, kasarèkake ing Makam Palar, sacêdhake Klathèn, Surakarta.
Layang Wirid Hidayat - Jati kang kasêbut ing dhuwur mau, golongane Wirid Hidayat - Jati kang akhir, ikêtane luwih singsêt, cêkak-aos lan sampurna tinimbang karo Wirid Hidayat - Jati kang dikarang ing waktu kang awal.
Samêngko dicoba kaanyarane basane nganggo basa Jawa ngoko, kang ora ngowahake surasane, suprihe mung bisaa rada anggampangake panampane sadulur-sadulur kang maca, kang pakulinane luwih gampang yèn nampani surasane basa Jawa Ngoko.
Bêbakuning Wirid, amratelakake sangkêpe patraping amêjang ngèlmu makrifat kasampurnaning ngaurip, ing kuna wis katindakake dening para Wali kabèh.
--- 6 ---
Warahing Hidayat - Jati, anuduhake dununge pangkating ngèlmu makrifat, wêwêjangan saka para Wali ing tanah Jawa.
Panutuping Hidayat - Jati, Sang Pujangga amêdharake basa kang surasane mangkene: Samono iku masa borong ing panganggo, aku drêma amêdharake bae, sarèhne durung bisa nglakoni dhewe, dadi amung pêpuji marang kang kasdu amarsudi, muga-muga padha bisa anglakoni saka olèh parmaning Pêngeran kang asifat murah ing dunya asih ing akhirat.
Surakarta, 1 Januari 1954.
R. TANOYO
--- 7 ---
WIRID
BEBUKANING WIRID
Iki Bêbukaning Wirid kang amratelakake ganêpe patraping amêjang ngèlmu makrifat kasampurnaning ngaurip, ing kuna wis katindakake dening para Wali kabèh, urute sawiji-wiji ing ngisor iki.
Kang dhingin, wiwiting patrap kang dadi kawajiban, iku guru karo bakal murid padha amèt banyu wulu, sarta niyat kang karêpe mangkene: "Nawaitu raf'al chadasi suharata wa'lkabirata, farlanlilahi ta'ala Allahu Akbar. Niyatingsun amèt banyu kadas cilik lan gêdhe pêrlu karana Allah."
Nuli padha dadan[3] anganggo sandhangan sarwa suci, ora kêna anganggo kang mawa êmas, utamane mênawa karsa anganggo kuluk, banjur ngliga sarira kêkonyoh ganda wida, sarta nganggo sumping kêmbang oncèn-oncèn Surèngpati ana ing kuping kiwa, karo nganggo kalung kêmbang oncèn-oncèn Margasupana, wangun kaya oncèn-oncèn usus pitik karangkêp têlu, utawa nganggo gombyok kêris kaya pangantèn anyar.
Nuli ing pamêjangan katata dipasangi têtuwuhan maju pat, sarta kadokokan lampit kang rêsik, banjur katumpangan klasa pasir kang tigas, ing dhuwur pisan katumpangan mori putih saulês lapis pitu, apêse lapis têlu, mawa kasêbaran kêmbang campur-bawur.
Nuli sêsaosan srikawin salaka putih bobot sêtail, kadokok ing wêwadhah tunggal karo lênga sundhul langit, sarta mênyan bobot sêringgit, kasasaban mori putih mawa pangiring sasanggan gêdhang agung suruh ayu, jambene tanganan, kasasaban mori putih dadi rong wadhah, sarta kêmbar - mayang sajodho padha sumaji ana ing pamêjangan.
Nuli ing antara manawa wis sirêp wong utawa wayah têngah wêngi, padha tindak mênyang ênggon pamêjangan, kang bakal kawêjang linggih marêp mangulon sêrta[4] dêdupa ratus kaasêpake ing kuping kiwa
--- 8 ---
banjur ing irung, wêkasan ing dhadha, iku wiwit kawêjang têka gurune, mawa saksi papat kang wis padha tunggal ngèlmu. Dene kang kawêjangake, anurut pamêjange para Wali wolu ing tanah Jawa, kakumpulake dadi sawiji. Wiyose padha amèt wijining ngèlmu kêkiyasan saka Dalil pangandikaning Allah, kang kasêbut ing dalêm Hadist pangandikane Kajêng[5] Nabi Muchammad Rasulu'llah marang sayidina Ali, kawisikake ing kuping kiwa, pêpangkatane dadi wolung wêjangan, kapratelakake ing ngisor iki jarwane kabèh.
1. Wisikan Ananing Dzat.
Sajatine ora ana apa-apa, awit duk maksi[6] awang uwung durung ana sawiji-wiji, kang ana dhingin iku Ingsun, ora ana Pangeran, anging Ingsun Sajatining Dzat Kang Amaha Suci anglimputi ing sifatingsun, anartani ing asmaningsun, amratandhani ing af'alingsun.
2. Wêdharan Wahananing Dzat.
Sajatine Ingsun Dzat Kang Amurba Amisesa Kang Kawasa anitahake sawiji - wiji dadi padha sanalika sampurna saka ing kudratingsun, ing kono wus kanyatahan pratandhaning af'alingsun minangka bêbukaning iradatingsun, kang dhingin Ingsun anitahake kayu, aran Sajaratu'lyakin, tumuwuh ing sajroning 'alam 'Adam makdum azali; nuli cahya, aran Nur Muchammad; nuli kaca, aran Miratu'lkayai; nuli nyawa aran Roh Idlafi; nuli damar, aran Kandil; nuli sêsotya, aran Darah nuli dingding-jalal, aran kijab kang minangka warananing khalaratingsun.
3. Gêlaran Kahananing Dzat.
Sajatine manusa iku rahsaningsun, lan Ingsun iki rahsaning manusa, karana Ingsun anitahake Adam, asal saking ing 'anasir patang prakara, 1: bumi, 2: gêni; 3: angin, 4: banyu, iku dadi kawujudaning sifatingsun Ing kono Ingsun-panjingi mudah limang prakara,
--- 9 ---
1: nur, 2: rahsa, 3: roh, 4: napsu, 5: budi, iya iku minangka warananing Wahyaningsun Kang Amaha Suci.
4. Pambukaning Tata-malige ing dalêm Bait-al-makmur.
Sajatine Ingsun anata malige ana sajroning Bait-al-makmur, iku omah ênggoning parameyaningsun, jumênêng ana sirahing Adam, kang ana ing sajroning sirah iku dimak, iya iku utêk, kang ana ing antaraning utêk iku manik, sajroning manik iku budi, sajroning budi iku napsu, sajroning napsu iku suksma, sajroning suksma iku rahsa, sajroning rahsa ing Ingsun, ora ana Pangeran, anging Ingsun Dzat kang anglimputi ing kahanan jati.
5. Pambukaning Tata-malige ing dalêm Bait-al-muharram.
Sajatine Ingsun anata malige ana sajroning Bait-al-muharram, iku omah ênggoning lêlaranganingsun, jumênêng ana ing dhadhaning Adam, kang ana ing sajroning dhadha iku ati, kang ana antaraning ati iku jantung, sajroning jantung iku budi, sajroning budi iku jinêm, iya iku angên-angên, sajroning angên-angên iku suksma, sajroning suksma iku rahsa, sajroning rahsa iku Ingsun, ora ana Pangeran, anging Ingsun Dzat kang anglimputi ing kahanan jati.
6. Pambukaning Tata-malige ing dalêm Bait-al-mukaddas.
Sajatine Ingsun anata malige ana sajroning Bait-al-mukaddas iku, omah ênggoning pasucèningsun, jumênêng ana ing kontholing Adam, kang ana ing sajroning konthol iku pringsilan, kang ana ing antaraning pringsilan iku nutfah, iya iku mani, sajroning mani iku madi, sajroning madi iku wadi, sajroning wadi iku manikêm, sajroning manikêm iku rahsa, sajroning rahsa iku Ingsun, ora ana Pangeran, anging Ingsun Dzat kang anglimputi ing kahanan Jati, jumênêng nukat gaib tumurun dadi johar awal, ing kono wahananing 'alam Achadiyat, 'alam Wahdat,
--- 10 ---
'alam Wachidiyat, 'alam Arwah, 'alam Misal, 'alam Ajsam, 'alam Insan kamil, dadining manusa kang sampurna, iya iku sajatining sifatingsun.
7. Santosaning Iman .
Ingsun anaksèni, satuhune ora ana Pangeran, anging Ingsun, lan anêksèni Ingsun, satuhune Muchammad iku utusaningsun.
8. Sasahitan.
Ingsun anaksèni ing Dzatingsun dhewe, satuhune ora ana Pangeran, anging ingsun, lan anaksèni Ingsun, satuhune Muchammad iku utusaningsun, Muchammad iku cahyaningsun, iya Ingsun kang urip ora kêna ing pati, iya Ingsun kang eling ora kêna ing lali, iya Ingsun kang langgêng ora kêna owah gingsir ing kahanan jati, iya Ingsun kang waskita ora kasamaran ing sawiji-wiji, iya Ingsun kang amurba amisesa kang kawasa wicaksana ora kêkurangan ing pangêrti, byar sampurna padhang tarawangan, ora karasa apa-apa, ora ana katon apa-apa, mung Ingsun kang anglimputi ing 'alam kabèh kalawan kodratingsun. Sawise ganêp pamêjange, nuli amarah patrape paraboting ngèlmu dadi wolung pangkat, kasêbut ing ngisor iki:
1. Pamuja.
Ana pêpujaningsun sawiji, dzate iya dzatingsun, sifate iya sifatingsun, asmane iya asmaningsun, af'ale iya af'alingsun. Ingsun-puja ing patêmon tunggal sakahanan Ingsun, sampurna kalawan kudratingsun.
2. Tobat utawa panalangsa.
Ingsun analangsa marang Dzatingsun dhewe, rêgêding jisimingsun gorohe ing atiningsun, srêngenge ing napsuningsun, laline ing uripingsun salawas-lawase, ing mêngko Ingsun-ruwat ing sadosaningsun kabèh saka ing kudrat ingsun.
--- 11 ---
3. Pangruwat.
Ingsun angruwat kadangingsun papat kalima pancêr kang dumunung ana ing badaningsun dhewe, Mar Marti kakang Kawah adhi ari-ari Gêtih Pusêr, sakèhing kadangingsun kang ora katon, lan ora karawatan, utawa kadangingsun kang mêtu saka ing marga hina, lan kang ora mêtu saka ing marga hina, sarta kadangingsun kang mêtu barêng sadina kabèh padha sampurna nirmala waluya ing kahanan jati dening kudratingsun.
4. Saksi ing Dzat-kita, kaya Sasahitan.
Ingsun anaksèni ing Dzatingsun dhewe, satuhune ora ana Pangeran, anging Ingsun, lan anaksèni Ingsun, satuhune Muchammad iku utusaningsun, iya sajatine kang aran Allah iku badaningsun, Rosul iku rahsaningsun, Muchammad ing cahyaningsun, iya Ingsun kang urip kêna[7] ing pati, iya Ingsun kang eling ora kêna ing lali, iya Ingsun kang langgêng ora kêna owah gingsir ing kahanan Jati, iya Ingsun kang waskitha ora kasamaran ing sawiji-wiji, iya Ingsun kang amurba amisesa kang kawasa wicaksana ora kêkurangan ing pangarti, byar sampurna padhang tarawangan, ora karasa apa-apa, ora ana katon apa-apa, mung Ingsun kang anglimputi ing 'alam kabèh kalawan kudratingsun.
5. Anucèkake sakèhing 'anasir.
Ingsun anucèkake sakaliring 'anasiringsun kang abangsa jasmani suci mulya sampurna anunggal kalawan sakaliring 'anasiringsun kang abangsa rokhani, nirmala waluya ing kahanan Jati dening kudratingsun.
6. Angawinake badan karo nyawa.
Allah kang kinawin, winalenan dening Rosul, pangulune Muchammad, saksine malaikat papat, iya iku Ingsun kang angawin badaningsun, winalenan dening rahsaningsun, kaunggahake dening cahyaningsun, sinaksènan dening malaekatingsun papat, Jabrail, iya iku pangucap ingsun.
--- 12 ---
Minkail, pangambuningsun, Israfil,, paningalingsun 'Ijrail, pamiyarsaningsun, srikawine sampurna saka ing kudratingsun.
7. Sangkan-paraning Tanazu'ltarki.
Ingsun mancad saka ing alam Insan-kamil, tumêka ing 'alam Ajsam, nuli tumaeka[8] maring 'alam Misal, nuli tumêka maring 'alam Arwah, nuli tumêka maring 'alam Wachdiyat, nuli tumêka maring 'alam Wahdat, nuli tumêka maring 'alam Achadiyat, nuli tumêka maring 'alam Iansa-kamil[9] manèh, sampurna padhang tarawangan saka ing kudratingsun.
8. Pambirat asaling cahya.
Cahya irêng kadadeyaning napsu luwamah, sumurup maring cahya kang abang, cahya abang kadadeyaning napsu Amatah, sumurup maring cahya kang kuning, cahya kuning kadadeyaning napsu Sufiyah sumurup maring cahya kang putih, cahya putih kadadeyaning napsu Mutmainah, sumurup maring cahya kang amancawarna, cahya kang amancawarna, kadadeyaning pramana, sumurup maring Dzating cahyaningsun kang awêning mancur mancorong-gumilang tanpa wêwayangan, byar sampurna padhang tarawangan, ora na katon apa-apa kabèh-kabèh padha kalimputan dening Dzatingsun saka ing kudratingsun.
Sawise mangkono, nuli marah manèh paraboting amatrapake panjênênganing Dzat, dadi sangang pangkat, kasêbut ing ngisor iki:
1. Angumpulake kawula-gusti.
Ingsun Dzating Gusti Kang Asifat Esa, anglimputi ing kawulaningsun, tunggal dadi sakahanan, sampurna saka ing kudratingsun.
2. Maha-Sucèkake ing Dzat.
Ingsun Dzat kang Amaha Suci Kang Asifat Langgêng, kang amurba amisesa kang kawasa, kang sampurna nirmala waluya ing jatiningsun kalawan kudrat ingsun.
--- 13 ---
3. Angrakit karatoning dzat.
Ingsun Dzat Kang Maha Luhur Kang Jumênêng Ratu Agung, kang amurba amisesa kang kawasa, andadèkake ing karatoningsun kang agung, kang amaha mulya. Ingsun wêngku sampurna sakapraboningsun, sankêp,[10] saisèn-saisèning[11] karatoningsun, pêpak sabalaningsun, kabèh ora ana kang kêkurangan, byar gumêlar dadi saciptaningsun, ana sasêdyaningsun, têka sakarsaningsun kabèh saka ing kudratingsun.
4. Angracut jisim.
Jisimingsun kang kari ana ing 'alam dunya, yèn wis ana ing jaman karamating maha mulya, wulu kulit daging gêtih balung sungsum sapanunggalane kabèh, asale saka ing cahya muliha maring cahya, sampurna bali marang Ingsun manèh, saka ing kudratingsun.
5. Anarik sampurnaning Akrab.
Yoganingsun sapandhuwur sapangisor kabèh, kang padha mulih ing jaman karamating 'alame dhewe-dhewe, padha suci mulya sampurna kaya Ingsun saka ing kudratingsun.
6. Angukud Gumêlaring Jagad.
Ingsun andadèkake 'alam dunya saisèn-isène kabèh iki, yèn wis tutug ing wêwangêne, Ingsun-kukud mulih mulya sampurna dadi sawiji kalawan kahananingsun manèh saka ing kudratingsun.
7. Ambabar kaharjaning turas.
Turasingsun kang maksih padha kari ana ing 'alam dunya kabèh padha nêmuwa suka bungah sugih singgih aja ana kang kêkurangan, rahayu salamêta sapandhuwur sapangisor saka ing kudrat ingsun.
--- 14 ---
8. Amasang pangasihan.
Sakèhe titahingsun kabèh, kang padha andulu kang padha karungu padha asih wêlasa marang Ingsun, saka ing kudratingsun.
9. Amasang kamayan.
Sakèhing makhlukingsun kabèh, kang ora angedahake maring Sun, padha kabrawa[12] ing kamayan dening kudratingsun.
Ing wêkasan kang kawêjang dijatènana yèn panganggoning patrap paratikêle[13] sawiji-sawiji, kapratelakake ana Babaring Wirid kang amawa murad maksud, kasêbut dadi pituduhane dununing[14] ngèlmu makrifat kabèh mau iku.
Sawise mangkono, kang amêjang maca donga Istiqfar karo donga Kabula sajroning batin anuwun pangapura marang Kang Amurba Amisesa ing ngaurip, supaya aja nganti olèh wêwêlak anggone amêdharake rahsaning Dzat iku.
Nuli kang kawêjang dijanjèni, manawa isih urip gurune, ora kêna amêjang, kang wis kalakon andekake[15] ora prayoga, dene manawa kaburu ing prêlu, ana akrabe kang lara-lara bangêt, mangka durung ngèlmu iku kêna amisik Ananing Dzat bae.
Anjabane saka mangkono, saupama kang kawêjang mau durung anarima isih kurang padhang ing panampane, manawa arêp anggêguru ing liyane manèh ora dadi apa, anggêr anjaluk idining guru kang amêjang ngêlmu iku.
Sawise mangkono, banjur padha sêsalaman, utamane kang kawêjang mau yèn karsa angabêkti marang kang amêjang.
Sawise luwar saka pamêjangan, ing kono nuli padha angêpung ambêngan, salamêting jiwa raga, mungguh kèhing ambêngan dadi têlung alasan, ing ngisor iki pratelane.
--- 15 ---
1. Mêmule angaturi dhahar Kangjêng Nabi Muchammad Rasulu'llah, sêga wuduk, lêmbarang pitik, utawa êndhog, kêrupuk lombok terong.
2. Mêmule angaturi dhahar para Sahabat Rasul karo para Waliu'llah sêga golong, pêcêl pitik, jangan mênir, iwak kêbo, siji kagorèng.
3. Mêmule angaturi dhahar marang para lêluhur kang padha amêdharake rahsaning ngèlmu makrifat, apa kang dadi dhêdhaharane nalika isih urip, sarta nganggo kinang, kêmbang konyoh, kabèh iku padha kadonganan donga Rasul, Majmuk,[16] Kabula, Tulak-bilahi wêkasan salamêt.
Dene pikolèhing amêjang iku yèn amarêngi sasi tanggale sapisan ing dina Jum'at, pamêjane[17] anuju purnama, anggêre ora sangar ora na'as, sarta ora tali-wangke, manawa sangaraning[18] sasi anuju dina Jum'at, pamêjange ing dina Anggara Kasih (Sêlasa Kliwon), ora ngetung purnama.
Mungguh pikolèhing ênggon pamêjangan iku, bumi suci kang bêcik arane, sarta ora kauban wangon, utamane yèn ana ing gunung, ing ara-aru[19] banyu, anggêr bêcik jênênge sarta sêpên, prayoga kanggo panggonan amêjang kaya ta: ing gunung Agung, ara-ara ing Purwadadi, ing Ngadipala, bangawan ing Ngombol, luwih utama pisan manawa amêjang ana ing Sitinggil, utawa palataran ing Mêsjid Gêdhe, sapêpadhane kang sakira pakolèh ing jênêng karo panggonane.
BAB GURU
Iki pratelane wajibing wong kang pantês dadi guru, wolung prakara.
1. Bangsaning Awirya, têgêse bangsa luhur, kang isih kadrajatan.
2. Bangsaning Agama, têgêse bangsa 'ulama kang 'alim ing kitab.
3. Bangsaning Atapa, têgêse bangsa pandhita, kang tansah ulah laku.
--- 16 ---
4. Bangsaning Sujana, têgêse bangsa linuwih, kang dadi wong bêcik.
5. Bangsaning Aguna, têgêse bangsa pintêr, kang ulah kabisan.
6. Bangsaning Prawira, têgêse bangsa prajurit, kang isih kasuwur kaprawirane.
7. Bangsaning Supunya, têgêse bangsa sugih, kang isih kabêgjan.
8. Bangsaning Susatya, têgêse bangsa tani, kang têmên.
Dene Panganggoning wong kang dadi guru, wolung prakara.
1. Paramasastra, têgêse limpad ing sastra.
2. Paramakawi, têgêse putus ing kawi.
3. Mardibasa, têgêse bisa mêmantês têmbung.
4. Mardawalagu, têgêse bisa gawe lêmêsing lêlagon.
5. Hawicarita, têgêse sugih crita.
6. Mandraguna, têgêse sugih kabisan.
7. Nawungkridha, têgêse lantip ing panglêpasan.
8. Sambegana, têgêse èngêtan.
Ugêring wong dadi guru, wolung prakara.
1. Asih ing murid, dianggêp anak putu.
2. Tulatèn pamulange, ora mawa wagah-wigih.[20]
3. Lumuh ing pamrih, ora duwe pangarah apa-apa.
4. Tanggap ing sasmita, bisa anampani pasêmoning murid.
5. Sêpên ing panggrayangan ora dadi kira-kiraning murid.
6. Ora ambalèkake patakon.
7. Ora ngêndhak kagunan.
8. Ora amburu alêman, angunggul-unggulake kapintêrane.
Utamane wong dadi guru, wolung prakara.
1. Mulus ing sarira, ora ana cacade.
2. Alus ing wicara, ora sok mêmisuh lan supata.
3. Jatmika ing solah.
4. Antêpan bêbudène.
5. Paramarta lêlabuhane.
--- 17 ---
6. Patitis nalare.
7. Bêci[21] lêbête.[22]
8. Ora duwe pakarêman.
BAB MURID
Iki pratelane kang wajib dadi murid, wolung prakara.
1. Têdhak turun. 2. Tunggal bangsa. 3. Tunggal agama. 4. Tunggal basa. 5. Sumurup ing sastra. 6. Wis kalewat têngah tuwuh. 7. Tanpa lêlara. 8. Tanpa kuciwa.
Wênanging dadi murid, wolung prakara.
1. Nastiti. 2. Nastapa. 3. Kulina. 4. Santosa. 5. Diwasa. 6. Engêtan. 7. Santika. 8. Lana.
Mokaling dadi murid, wolung prakara.
1. Edan. 2. Ayan. 3. Wuta. 4. Tuli. 5. Bisu. 6. Bocah durung dewasa. 7. Wong tuwa kang wis lali. 8. Wong lana bangêt kang wis lali.
--- 18 ---
Panggoning dadi murid, wolung prakara.
1. Angimanake, sirik yèn maidoa.
2. Angatonake, sirik yèn anapèkêna.
3. Anastitèkake, sirik yèn anglirwakna.
4. Anêrangake, sirik yèn anyuala.
5. Amusawaratake, sirik yèn amiyagaha.
6. Anggêlarake, sirik yèn angumpêta.
7. Anglulusake, sirik yèn ambatalêna.
8. Anindakake, sirik yèn angênêngêna.
BABARING WIRID KANG AMAWA MURAD MAKSUD
Iki Babaring kang amawa murad saha maksude pisan, angiras minangka babukaning hidayat kang dadi pituduhan dununging ngèlmu makrifat kabèh, wiyose asal saka ing Dalil, Hadis, Idjmak, Kiyas.
Têgêsing Dalil, anuduhake pangandikaning Allah.
Têgêsing Hadis, anyaritakake wêwulanging Rasulu'llah.
Têgêsing Idjmak, angumpulake wêwêjanging para Wali.
Têgêsing Kiyas amêncarake wêwarahing para Pandhita.
Kabèh iku, padha dadi pambukaning kêkêran kang amêdharake rahsa gaib sajatining ngaurip, supaya waskitha ing uripe, lêstariya urip awal akhir, dene apêsing kawula manawa tumêka ing janji, amung bisaa, waskitha ing sampurnaning sangkan-paran, kamulyaning kahanan jati ana ing jaman kalanggêngan, aja nganti korup marang panasaran.
Mungguh kang dadi wijining ngèlmu makrifat anurut kêkiyasan saka, Hadis pangandikane Kangjêng Nabi Muchammad, kang kawêjangake marang Sayidina 'Ali, kinèn angêtokake Ananing Dzat kang kasêbut ing Dalil sapisan, saka pangandikaning Pangeran Kang Amaha Suci, kawisikake ing talingan kiwa, kaya ing ngisor iki jarwane.
--- 19 ---
Sajatine ora ana apa-apa, awit duk maksih awang-awung durung ana sawiji-wiji, kang ana dhingin iku Ingsun, ora ana Pangeran, anging Ingsun Sajatining Dzat Kang Amaha Suci, anglimputi ing sifatingsun, anartani ing asmaraningsun, amratandhani ing af'alingsun.
Mungguh dununge mangkene.
Kang angandika sajatining Dzat Kang Amaha Suci iku iya urip-kita pribadi, sayêkti katitipan rahsaning Dzat Kang Maha Agung, Anglimputi ing sifat iku iya rupa-kita pribadi, sayêkti kawimbuhan warnaning Dzat kang elok. Anartani asma iku iya nama kita pribadi, sayêkti kaaku pasêbutaning Dzat Kang Wisesa. Amratandhani af'al iku iya solah bawa kita pribadi, sayêkti anêkake[23] pakartining Dzat Kang Sampurna. Mula bêbasane wahananing Dzat iku anyamadi sifat, sifat iku anartani asma, asma iku amratandhani af'al, af'al iku dadi wahananing Dzat.
Dene Dzat, ênggone anyamadi sifat iku upama kaya madu kalawan manise, yêkti ora kêna kapisahêna.
Dene sifat ênggone amartani asma iku upama kaya srêngenge lawan sorote, yêkti ora kêna yèn kabedakêna.
Dene asma, ênggone amratandhani af'al iku upama kaya paesan kang angilo lawan wêwayangane yêkti saula-bawaning[24] kang angilo, wêwayangan mau mèlu bae.
Dene af'al, anggone dadi wahananing Dzat iku upama kaya samudra lawan ombake, yêkti wahananing ombak anut saka rèh - ing samudra.
Dadi sajatine, kang anama Dzat iku, tajalining Mudhammad iku, wahananing cahya kang anglimputi ing jasad, dumunung ana ing urip-kita, iya iku urip dhewe ora ana kang anguripi, mula kawasa aningali, amiyarsa, angganda, angandika, angrasakake saliring rahsa, iku saka kudrat-kita kabèh, têgêse mangkene, Dzating Pangeran Kang Amaha Suci iku ênggone aningali saka angagêm netra-kita, ênggone amiyarsa iya angagêm ing talingan-kita, ênggone angambêt iya angagêm ing grana kita, ênggone angandika iya angagêm[25]
--- 20 ---
kake[26] saliring rasa iya angagêm pangrasa kita, aja mawa uwas sumêlang ing galih, sabab wahananing wahya dyatmika iku wis kasarira, têgêse lair batining Allah wis dumunung ana ing urip-kita pribadi, manawaning bêbasane tuwa Dzating Manusa karo Sifating Allah, awit dadining Dzat iku kadim azali abadi, têgêse dhingin dhewe nalika isih awang-awung salawase ing kahanan-kita, dadining sifat kudusu'l'alam têgêse anyar ana kahananing 'alam dunya, ananing padha tarik tinarik têtêp-tinêtêpan samubarang kang anam Dzat iku sayêkti kadunungan ing Dzat kabèh.
Dene mungguh ing urut-urutane dumadining Dzat sifat iku ana wahanane, kasêbut ing dalil kapindho, saka pangandikaning Pangeran Kang Maha Suci, mangkene jarwane.
Sajatine ingsun Dzat Kang Amurba Amisesa Kang Kawasa anitahake sawiji-wiji dadi padha sanalika sampurna saka ing kudratingsun, ing kono wus kanyatahan pratandhaning af'alingsun minangka kêbukaning iradatingsun, kang dhingin Ingsun anatihake[27] kayu, aran sajaratu'lyakin, tunuwuh[28] ing sajroning 'alam 'Adam makdum azali abadi nuli cahya aran Nur Muchammad, nuli kaca aran Miratu'lkayai, nuli nyawa aran Roh Idlafi, nuli damar aran Kandhil, nuli sêsotya aran Darah, nuli dingding-jalal aran kang minangka warnaning chalratingsun.[29]
Mungguh dununge mangkene.
1. Sajaratu 'lyakin, tumuwuh ing sajroning 'alam 'Adam makdum azali abadi, têgêse, kayu sajati dumunung ing jagad sunyaruri, isih awang-awung salawase ing kahanan - kita, iku hakekating Dzat mutlak kang kadim, têgêse sajatining Dzat kang amasti dhingin dhewe, iya iku Dzating atma, dadi wahananing 'alam Akhadiyat.
2. Nur Muchammad, têgêse cahya kang pinuji, kacarita ing Hadis, warnane kaya manuk mêrak, dumunung arah-arahing Sajaratu'l yakin,
--- 21 ---
iku hakekating cahya kang ingaku tajalining Dzat, ana sajroning nukat gaib, minangka sifating atma, dadi wahananing 'alam Wahdat.
3. Miratu'lkayai, têgêse kaca wirangi, kacarita ing Hadis dumunung ana sangarêping Nur Muchammad, iku hakekating pramana, kang ingaku rahsaning Dzat, minangka asmaning atma, dadi wahananing 'alam Wakhidiyat.
4. Roh Idlafi, têgêse nyawa kang wêning, kacarita ing Hadis asal saka Nur Muchammad, iku hakekating suksma, kang ingaku kahananing Dzat, minangka af'aling atma, dadi wahananing 'alam 'Arwah.
5. Kandil, têgêse diyan tanpa gêni, kacarita ing Hadist awarna sêsotya kang mancur mancorong gumantung tanpa canthèlan, ing kono kahananing Nur Muchammad, sarta ênggon pakumpulaning roh kabèh, iku hakekating angên-angên, kang ingaku wêwayanganing Dzat, minangka êmbananing atma, dadi wahananing 'alam Misal.
6. Darah, têgêse sêsotya kacarita ing Hadist adarke[30] sorot mancawarna, padha kanggonan malaikat, iku hakekating budi, kang ingaku pêpaèsaning Dzat, minangka wiwaraning atma, dadi wahananing 'alam Ajsam.
7. Kijab, ingaran dingding-jalal, têgêse warana kang agung, kacarita ing Hadist mêtu saka sêsotya kang amancawarna, ing nalika mosik anganakake uruh, kukus, banyu, iku hakekating jasad, kang ingaku warananing Dzat, minangka sêsandaning atma, dadi wahananing 'alam Insan kamil.
Mungguh pratelane saka Ijmak Kiyas, papangkataning dinding jalal, kang awarna uruh, kukus, banyu, mau padha dadi anêlung warana, kasêbut ing ngisor iki.
Kang dhingin, uruh, amêtokake têlung pangkat, 1: kijab kisma, dadi wahyaning jasad ing jaba, kaya ta; kulit daging sapanunggalane: 2: kijab rukmi, dadi wahyaning jasad ing jêro, kaya ta: utêk manik jantung sapanunggalane, 3: kijab rêtna, dadi wahyaning jasad kang alêmbut kaya ta: mani gêtih sungsum sapanunggalane.
--- 22 ---
Kang kapindho, kukus, amêtokake têlung pangkat, 1: kijab pêpêtêng, dadi wahananing napas sapanunggalane, 2: kijab guntur, dadi wahananing pancadriya, 3: kijab gêni, dadi wahananing napsu.
Kang kaping têlu, banyu amêtokake têlung pangkat, 1: kijab êmbun banyu urip, dadi kahananing suksma, 2: kijab nur rasa, dadi kahananing rahsa, 3: kijab nur cahya kang kaluwih padhang, dadi kahananing atma.
Kabèh iku warananing Dzat padha dumunung ana Insan-kamil, têgêse kasampurnaning manusa, aja uwas sumêlang manèh, sabab kahananing bale'arasy, kursi, lochil-makful, kalan, taraju, wot siratu'lmustakim, swarga, naraka, bumi, langit, saisèn-isène kabèh iku, wis kawêngku ana sajroning warana, sinamadan dening Dzat-kita kang maha agung, gumêlar dadi kaelokaning sifat-sifat kang esa, anartani ing kawasaning af'al-kita kang sampurna, pratelane kaya ta, ing nalika Kang Amaha Suci karsa amujudane[31] sifate, ingaran Adam, asal saka 'anasir patang prakara, 1: bumi, 2: gêni, 3: angin, 4: banyu, iku kahanane kasêbut ana ing Dalil kaping têlu, saka pangandikaning Pangeran Kang Amaha Suci, mangkene jarwane.
Sajatine manusa iku rahsaningsun, lan Ingsun iki rahsaning manusa, karana Ingsun anitahake Adam, asal saka ing 'anasir patang prakara, 1: bumi, 2: gêni, 3: angin, 4: banyu, iku dadi kawujudaning sifatingsun, ing kono Ingsun-panjingi mudah limang prakara, 1: nur, 2: rahsa, 3: roh, 4: napsu, 5: budi, iya iku minangka warnaning wayahingsun[32] Kang Amaha Suci.
Mungguh dununge mangkene.
Mudah iku Dzating kawula, wayah[33] iku Dzating Gusti Kang Asifat Langgêng, kacarita ing Hadist panjinging mudah limang prakara mau, wiwit saka ing êmbun-êmbunan, lèrèn ana ing utêk, banjur tumurun marang netra, banjur tumurun marang lesan, banjur tumurun marang jaja,
--- 23 ---
banjur sumarambah ing jasad 'kabèh, sangkêpe jumênêng Insan-kamil mangkono iku kawimbuhan saka karsane Kang Amaha Suci ênggone anjênêngake maligening Dzat, katata ana ing baitu'llah, dadi têlung kahanan, iku sajatine minangka kayêktèning kahanan sawiji-wiji, anandhakake chalarating Dzat Kang Agung, Kang Amaha Mulya, langgêng ora kêna owah gingsir saka kahanan jati, kasêbut ana ing dalil kaping pat, saka pangandikaning Pangeran Kang Amaha Suci, dadi têlung ayat, kapratelakake ing ngisor iki.
Ayat kang kapisan, Pambukaning Tata-malige ing dalêm Bait-al-makmur, mangkene jarwane.
Sajatine Ingsun anata malige ana sajroning Bait-al-makmur, iku omah ênggoning parameyaningsun jumênêng ana ing sirahing Adam, kang ana sajroning sirah iku dimak, iya iku utêk, kang ana ing antaraning utêk iku manik, sajroning manik iku budi, sajroning budi iku napsu, sajroning napsu iku suksma, sajroning suksma iku rahsa, sajroning rahsa iku Ingsun, ora ana Pangeran, anging Ingsun Dzat kang anglimputi ing kahanan jati.
Ayat kang kapindho, Pambukaning Tata-malige ing dalêm Bait-al-muharram, mangkene jarwane.
Sajatine Ingsun anata malige ana sajroning Bait-al-muharram, iku omah ênggone lêlaranganingsun, jumênêng ana ing dhadhaning Adam, kang ana ing sajroning dhadha iku ati, kang ana ing antarane ati iku jantung, sajroning jantung iku budi, sajroning budi iku jinêm, iya iku angên-angên, sajroning angên-angên iku suksma, sajroning suksma ing rahsa, sajroning rahsa iku Ingsun, ora ana Pangeran anging Ingsun Dzat kang anglimputi ing kahanan jati.
Ayat kang kaping têlu, Pambukaning Tata-malige ing dalêm Bait-al-mukaddas, mangkene jarwane.
Sajatine Ingsun anata malige ana sajroning Bait-al-mukaddas, iku omah ênggoning pasucèningsun, jumênêng ana ing kontholing Adam, kang ana ing sajroning konthol iku pringsilan, kang ana ing antaraning [anta...]
--- 24 ---
[...raning] pringsilan iku nuftah,[34] iya iku mani, sajroning mani iku madi, sajroning madi iku wadi, sajroning wadi iku manikêm, sajroning manikêm iku rahsa, sajroning rahsa iku Ingsun, ora ana Pangeran, anging Ingsun Dzat kang anglimputi ing kahanan jati, jumênêng nukat gaib, tumurun dadi johar awal, ing kono wahananing 'alam Akhadiyat, 'alam Wahdat, 'alam Wakhidiyat, 'alam Arwah, 'alam Misal, 'alam Ajsam, 'alam Insan-kamil, dadining manusa kang sampurna, iya iku sajatining sifatingsun.
Manawa wis anampani ing Dalil pangandikane Kang Amaha Suci mangkono mau diwaskita ing galih, dhuwur dhewe iku wahananing nugraha, kahananing kanugrahan, -nugraha iku Dzating Gusti, kanugrahan iku sifating kawula, tunggal tanpa wangênan dumunung ana ing badan kita. Dene pratelane kayêktèning kahanan kabèh mau kasêbut ing ngisor iki pituduhane.
Kang dhingin, anuduhake kang kasêbut ing sajroning Bait-al-makmur, têgêse omah kang arane, mangkene dununge sawiji-wiji.
1. Sirah iku wiyose kahananing Bait-al-makmur.
2. Utêk kahananing kanta, anarik wahananing cahya, dadi pambukaning nitya.
3. Manik kahananing pramana, anarik wahananing warna, dadi pambukaning paningal.
4. Budi kahananing pranawa, anarik wahananing karsa, dadi pambukaning pamicara.
5. Napsu, kahananing hawa, anarik wahananing swara, dadi pambukaning pamiyarsa.
6. Suksma, kahananing nyawa, anarik wahananing cipta, dadi pambukaning pangganda.
7. Rahsa, kahananing atma, anarik wahananing wisesa, dadi pambukaning pangrasa.
--- 25 ---
Wasiyating guru kang amêdharake ngèlmu Pambukaning Tata-malige ing dalêm Bait-al-makmur, utamane anglakonana ora karsa dhahar iwak utak, karo iwak manik, sêdhêngane aja nganti angarani katarima ngèlmune.
Kang kapindho, anuduhake kang kasêbut ing sajroning Bait-al-muharram, têgêse omah kang kalarangan, mangkene dununge sawiji-wiji.
1. Dhadha iku wiyose kahananing Bait-al-muharram.
2. Ati, kahananing pancadriya, anarik wahananing napsu, dadi wahyaning napas.
3. Jantung kahananing pancamaya, anarik wahananing birahi, dadi wahyaning kêkêtêk.
4. Budi, kahananing pranawa, anarik wahananing karsa, dadi wahyaning pamicara.
5. Jinêm, kahananing panggraita, anarik wahananing swara, dadi wahyaning pamiyarsa.
6. Suksma kahananing nyawa, anarik wahananing cipta, dadi wahyaning pangganda.
7. Rahsa kahananing atma, anarik wahaning wisesa, dadi wahyaning pangarsa.[35]
Wasiyating guru kang amêdharake ngèlmu pambukaning Tata-malige ing dalêm Bait-al-muharram, utamane anglakonana ora karsa dhahar iwak ati, karo iwak jantung, sêdhêngane aja nganti angarani angên-angên, kabar pakolèhe kang wis kalakon, asring katarima ngèlmune.
Kang kaping têlu, anuduhake kang kasêbut sajroning Bait-al-mukaddas, têgêse omah kang sinucèkake, mangkene dununge sawiji-wiji.
1. Konthol, iku wiyose kahananing Bait-al-mukaddas.
2. Pringsilan, kahananing purba, katumusan wahananing birahi, dadi bêbukaning asmaranala, iya iku sangsêming[36] ati.
--- 26 ---
3. Mani, kahananing kanta, katumusan wahananing hawa, dadi bêbukaning asmaratura, iya iku sêngsêming sapandulon.
4. Madi, kahananing warna, katumusan wahananing warsa,[37] dadi bêbukaning asmaraturidha, iya iku sêngsêming pangrungu.
5. Wadi, kahananing rupa, katumusan wahananing cipta, dadi bêbukaning asmaradana, iya iku sêngsêming sapocapan.
6. Manikêm, wahananing suksma, katumusan wahananing pangrasa dadi bêbukaning asmaratantra, iya iku sêngsêming pangarasan.
7. Rahsa, kahananing atma, katumusan wahananing wisesa, dadi bêbukaning asmaragama, iya iku sêngsêming salulut.
Wasiyating guru kang amêdharake ngèlmu Pambukaning Tata-malige ing dalêm Bait-al-mukaddas, utamane anglakonana ora karsa dhahar iwak pringsilan, sapanunggalane, sêdhêngane aja nganti angarani mani, kabar pikolèhe kang wis kalakon asring katarima ngèlmune.
Ing ngisor iki ana wirayating guru, manawa amêdharake rahsaning Bait-al-mukaddas, ingatase amêjang marang pawèstri, wênang kiniyas mangkene.
Ing nalika Kang Amaha Suci karsa anata malige ana sajroning Bait-al-mukaddas, jumênêng ing bagane Sitti Kawa, kang ana sajroning baga iku purana, kang ana ing antaraning purana iku rêta, iya iku mani, sajroning mani, iku madi, sajroning madi iku wadi, sajroning wadi iku manikêm, sajroning manikêm iku rahsa, sajroning rahsa iku Dzating atma kang anglimputi ing kahanan jati. Dene pituduhe mangkene, baga, timbanging konthol, purana, timbanging pringsilan, ing sabanjure padha karo ingatase amêjang marang kakung, ênggone amardi supaya padha amardiya ing waskithaning sangkan-paran.
--- 27 ---
Manawa wis waskitha, prayoga anêtêpna kang dadi Santosaning Iman, iya iku sahadat jati, kang kasêbut ing dalêm batin mangkene jarwane.
Ingsun anaksèni, satuhune ora ana Pangeran, anging Ingsun, lan anaksèni Ingsun, satuhune Muchammad iku utusaningsun.
Riwayating guru ana manèh, ingatase amêjang marang pawèstri wênang kawuwuhan mangkene jarwane.
Ingsun anaksèni, satuhune ora ana Pangeran, anging Insun, lan anaksèni Ingsun, satuhune Muchammad iku utusaningsun, Fatimah iku umatingsun.
Manawa wis sumurup sarasaning sahadat jati mangkono mau, nuli asahida marang wahananing sanak-kita, iya iku kahananing dumadi kang gumêlar ana ing 'alam dunya, kaya ta: bumi, langit, srêngenge rêmbulan lintang, gêni, angin, banyu, sapanunggalane kabèh, padha anaksènana yèn kita mêngko wis angakoni jumênêng Dzating Gusti Kang Amaha Suci, dadi sifating Allah kang sêjati, kasêbut ing dalêm batin mangkene jarwane.
Ingsun anaksèni ing Dzatingsun dhewe, satuhune ora ana Pangeran, anging Ingsun, lan anaksèni Ingsun, satuhune Muchammad iku utusaningsun, iya sêjatine kang aran Allah, iku badaningsun, Rasul iku rahsaningsun, Muchammad iku cahyaningsun, iya Ingsun kang urip ora kêna ing pati, iya Ingsun kang eling ora kêna ing lali, iya Ingsun kang langgêng ora kêna owah gingsir ing kahanan jati, iya ingsun kang waskitha ora kasamaran ing sawiji-wiji, iya Ingsun Kang Amurba Amisesa Kang Kawasa wicaksana ora kêkurangan ing pangêrti, byar sampurna padhang têrawangan, ora kêrasa apa-apa, ora ana katon apa-apa, mung Ingsun kang anglimputi ing 'alam kabèh kalawan kudratingsun. Titi.
--- 28 ---
RUPA-RUPA WEJANGAN SAKA PARA GURU
Ing mêngko amratelakake wêwêjanganing guru sawiji-wiji, iku ing pamêdhare rahsaning ngèlmu kang kawêjangake urut-uruting kêkiyasan saka Dalil pangandikane Pangeran Kang Amaha Suci, kang kadhawuhake marang Kangjêng Nabi Muchammad Rasulu'llah kasêbut ing ngisor iki.
1. Ana wêwêjanging guru, kang amêdharake rahsaning ngèlmu Wisikan Ananing Dzat, kêkiyasan saka Dalil sapisan.
2. Apa[38] wêwêjanging guru, kang amêdharake rahsaning ngèlmu wêdharan Wahananing Dzat, kêkiyasan saka Dalil kapindho.
3. Ana wêwêjanging guru, kang amêdharake rahsaning ngèlmu Wêdharan Wahananing Dzat, kêkiyasan saka Dalil kaping têlu.
4. Ana wêwêjangan guru, kang amêdharake rahsaning ngèlmi Kayêktèning kahanan, kêkiyasan saka Dalil kaping pat, ayat kang kapisan Pambukaning Tata-malige ing dalêm Bait-al-makmur, têrkadhang ayat kapindho Pambukaning Tata-malige ing dalêm Bait-al-muharram, têrkadhang ayat kaping têlu Pambukaning Tata-malige ing dalêm Bait-al-mukaddas.
5. Ana wêwêjanging guru, kang amêdharake rahsaning ngèlmu saka Santosaning Iman abêbuka sahadat jati, utawa saka Sasahidan.
Mungguh surasane kabèh iku iya padha bae, mula pêpangkataning ngèlmu mau katata dadi sawiji, kang supaya mupakata ing surasane, anjaba amung pêpangkataning ngèlmu talek, karo ngèlmi Fatah, yèn pangawine ngèlmu panitisan, iku padha mawa êmpan sarta papan dhewe, têgêse ngèlmu talek, iku ngèlmu amêtokake kaelokan, kèhe pitung prakara, 1: ngèlmu Sèpi, 2: ngèlmu Mungin, 3: ngèlmu Mubin, 4: ngèlmu Ahyan, 5: ngèlmu Barajan, 6: ngèlmu Mahbut, 7: ngèlmu Gaibu'lguyub, kabèh iku panggonane amung piranti amujudake papangkataning kaelokan, kang dadi tandhaning tontonan ing lairiyah bae; têgêse ngèlmu sorogan, kèhe sangang prakara, 1: ngèlmu Makdum [Mak...]
--- 29 ---
[...dum] sarpin, 2: ngèlmu Satariyah, 3: ngèlmu Sirasab, 4: ngèlmu Charajêk, 5: ngèlmu Majalis, 6: ngèlmu Fatakurrahman, 7: ngèlmu Sufi, 8: ngèlmu Chafi, 9: ngèlmu Nakisbandiyah, diarani Nakisbandiyahtu'lchak, kabèh iku panggonane amung piranti amujudake malaikat kang dadi tandhaning badan alus ana ing dunya bae, ora mupakat karo rahsaning ngèlmu kasampurnan, umpama katunggalake karo pêpangkataning ngèlmu kang sajati, mangka salah-surupe kang angrasakake, bokmanawa anêkakake pamaido, pamaido mau mundhak dadi padu, para padon iku saka isih kêkurangan, kêkurangan iku kang amarakake kapanasan, iku[39] amarakake para bantah karo sêsualan, para sêsualan iku pakolèhe amung rêbut unggul ing pangawruh, rêbut unggul ing pangawruh iku ora wurung andadèkake pasulayan, mulane para sujana kang putus têmênan iku ora sêdya sêsualan, amarga ora darbe ati kapanasan jatmikane rèhne wis amumpuni saliring pangawruh, dene manawa ana kang sumêdya amadoni muga dikalahana bae, aja nganti lumawan mundhak kabarabeyan, ing wêkasan kalonglongan, manawa mêksa kaburu-buru asêngaja isih kêkurangan surup, mangkono bae wis cukup.
PRATIKÊLE ANGETRAPAKE PARABOTING NGELMU PASAMPURNAN KANG KINEKER KALARANGAN DENING PARA WALI, SAMENGKO KAWEDHARAKE KABEH.
Iki Pratikêle Angêtrapake Paraboting Ngèlmu Kasampurnan kang kinêkêr kalarangan dening para wali, ing mêngko kawêdharake kabèh.
Panêngêraning dina kiyamat
Bêbukane amratelakake kang dadi panêngêraning dina kiyamat, têgêsing Kiyamat, jumênêng, kasêbut ing ngisor iki.
1. Panêngêran kang dhingin.
Kang dhingin, yèn wis asring uninga kang ora katonton, tandha kurang sataun, ing kono panggonane anyakêti tapabrata nyênyuda pakarêman, [paka...]
--- 30 ---
[...rêman,] nêtêpana panggalih: trima, rila, têmên, utawa,[40] mungguh utama iku dumunung ana ing sabar darana.
2. Panêngêran kang kapindho.
Kang kapindho yèn wis asring mirêng kang ora kapiyarsa, kaya ta, mirêng rêrasaning jin setan, sato kewan, tandha kurang satêngah taun, ing kono panggonaning kurmat akalayan kaliwat, têgêse angaji-aji akalayan asêsaji, sapanunggalane anglakoni panggaweyan bêcik, kinanthènan angati-ati marang uripe dhewe.
3. Panêngêran kang kaping têlu.
Kang kaping têlu, yèn wis salin paningale, kaya ta, ing sasi Muharram, Shafar, andulu langit katon abang; Mulud, Rabi'u'lakhir, srêngenge katon irêng; Jumadi'lawal, Jumadi'lakhir, rêmbulan katon irêng; Rêjêb, Ruwah, banyu katon abang; Pasa, Syawal, wêwayange dhewe katon loro; Zul'lkaedah, Bêsar, gêni katon irêng; kabèh iku tandha kurang rong sasi, ing kono panggonaning wasiyat karo riwayat, têgêse amêmêling karo wêwarah, kinanthènan tabêri asêsuci.
4. Panêngêran kang kaping pat.
Kang kaping pat, dêriji panungguling asta dibêkuk kapêtêlake dalah èpèk-èpèk, dariji manis kaangkat, yèn wis kaangkat anjujung dariji manise mau, tandha kurang patang-puluh dina, ing kono panggonaning 'afiat, têgêse pangapura, iya iku anênuwun pangapura marang Pangerane, saha banjur angapura marang kang padha kaluputan, utawa aminta pangapura marang kang padha rumasa kalarakake atine.
5. Panêngêran kang kaping lima.
Kang kaping lima, yèn asta kawawas ing netra loro darijine wis katon kalong, ugêl-ugêle wis katon pêdhot, tandha kurang sêsasi, ing kono panggonaning amatrapake pikukuh ing ngèlmu kasampurnan kaya kang kasêbut ing ngisor iki.
--- 31 ---
1. Iman, têgêse angandêl, kang diandêl kudrate, têgêsing kudrat: kuwasa.
2. Tokid, têgêse muhung sawiji, têgêse pasrah marang iradate, têgêsing iradat: karsa.
3. Makrifat, têgêse waskitha, kang diwaskithani ngèlmune, iya iku anguningani dununging Dzat, sifat, asma, af'al, têgêsing Dzat: kantha sifat: rupa, asma, aran, af'al pakêrti.
4. Islam têgêse salamêt, kang salamêt iku khayate, têgêsing Khayat: urip, dumunung ana ing sifat jalal, jamal, kahar, kamal; têgêsing jalal: agung kang agung iku Dzate, dening anglimputi ing 'alam kabèh, têgêsing jamal: elok kang elok iku sifate, dening dudu lanang dudu wadon, dudu wandu, sarta ora arah ora ênggon, tanpa warna tanpa rupa, têgêsing kahar: wisesa kang wisesa iku asmane dening ora nama sapa-sapa, têgêsing kamal: sampurna, kang sampurna iku af-ale, dening bisa gumêlar padha sanalika pakrêtine, saka kawasa tanpa sangsaya.
Mungguh dununge mangkene, iman dumunung ana ing ênêng, tokid, dumunung ana ing êning, makrifat dumunung ana ing awas, islam dumunung ana ing eling.
6. Panêngêran kang kaping nêm.
Kang kaping nêm, yèn wis asring katonton warnane dhewe, tandha kurang satêngah sasi, ing kono panggonaning Pamuja, anêgês karsane Kang Kawasa, patrape ing sabên apangkat arêp sare, Pamijane[41] kasêbut ing ngisor iki.
Ana pujaningsun sawiji, Dzate iya Dzatingsun, sifate iya sifatingsun, asmane iya asmaningsun, af'ale iya af-alingsun, Ingsun puja ing patêmon tunggal sakahananingsun, sampurna kalawan kudratingsun.
Ing nalika iku cinipta kang pinuja tunggal, kaya ta: bapa, biyung, kaki, nini, garwa, putra, wayah, sapadhane kang dadi pêlênging cipta bisaa anunggal ana ing jaman kalanggêngan.
--- 32 ---
7. Panêngêran kang kaping pitu.
Kang kaping pitu, yèn wis rumasa lara kasandhang, têgêse ora arêp apa-apa, tandha kurang pêndhak dina, ing kono panggonaning tobat, patrape manawa lagi wungu sare, kasêbut ing ngisor iki.
Ingsun analangsa maring Dzatingsun dhewe, rêgêding jisimingsun, gorohing atiningsun, srêngenge ing napsuningsun, laline ing uripingsun salawas-lawase, ing mêngko Ingsun-ruwat sampurna ing sadosaningsun kabèh kalawan kudratingsun.
8. Panêngêran kang kaping wolu.
Kang kaping wolu yèn wis karasa gêrah-uyang saranduning sarira ing jaba jêro kabèh, têrkadhang asring andadèkake wêtuning sêsukêr tinja taun, karo tinja kalong, utawa cacing kalung karo cacing têmbaga, ing wêkasan pucuking parji karasa anyêp, andadèkake têranging nutfah, iku tandha wis parêk ing dina Kiyamat, amung kurang ing saantara dina, ing kono waktuning Dajal la'nat katon arêp agawe arubiru, marang kahanan-kita, iya iku panggonaning katêkan rancana saka sadulur papat, kalima pancêr dumunung ana ing badan-kita dhewe panangkise angên-angên, banjur karuwata kaya ing ngisor iki.
Ingsun angruwat kadangingsun papat kalima pancêr kang dumunung ana ing kadaningsun[42] dhewe. Mar Marti kakang kawah adhi Ari-ari Gêtih Pusêr, sakèhing kadang ingsun kang ora katon, lan kang ora karawatan, utawa kadangingsun kang mêtu saka ing marga hina lan kang ora mêtu saka ing marga hina, sarta kadangingsun kang mêtu barêng sadina kabèh padha sampurna nirmala waluya ing kahanan jati, dening kudratingsun.
Nuli asaksiya kalawan Dzat-kita dhewe, kaya asahid marang wahananing sanak-kita, iya iku kahananing dumadi kang gumêlar ana ing 'alam dunya, wis kasêbut ing ngarêp ana wêkasaning wêwêjangan.
--- 33 ---
9. Panêngêran kang kaping sanga utawa kang wêkasan.
Kang kaping sanga, yèn kêtêk kang ana ugêl-ugêling atsa wis ora ana, andadèkake oncate pramananing kanaka, sarta pramananing tingal wis sêpên, andadèkake rupêking pandulu rêngating alis, utawa garêbêging talingan wis mênêng, andadèkake pêngêng sanalika, ing wêkasan garinggingên kang sarira banjur kambu gandaning sawa, iku tandha wis mancad ing dina kiyamat, jumênêng kalayan pribadine, ing kono panggonaning anucèkake sakèhing 'anasir, têgêsing 'anasir: bangsa, iya iku bangsaning khak kang dumunung ana ing Dzat, sifat, asma, af'al, kaya ta: 'anasir badan, asal saka ing bumi, gêni, angin, banyu, iku kaciptaa suci mulya mulih marang asale, sampurna anunggal kalayan 'anasiring roh, kang sumendhe ana kahananing wujud, ngèlmu, nur, suhud: têgêse wujud: wahana, iya iku gêtih amarga gêtih iku dadi kanyatahaning roh, têgêsing ngèlmu; paningal, iya iku paningaling netra balaka, amarga paningal iku dadi pamawasing roh, têgêsing nur: cahya, iya iku cahya kang anglimputi ing sarira, amarga cahya iku dadi pratandhaning roh, têgêsing suhud: saksi, iya iku napas, amarga napas iku dadi saksining roh.
Dene ênggone anucèkake kasêbut, ing sajroning cipta mangkene.
Ingsun anucèkake sakaliring 'anasiringsun kang abangsa jasmani, suci mulya sampurna anunggal kalawan sakaliring 'anasiringsun kang abangsa rokhani, nirmala waluya ing kahanan jati dening kudratingsun.
Yèn wis mangkono, nuli cahya Nur Muchammad tumimbul, gumilang-gilang ana ing wadana, tandha bakal binuka kijabing Pangeran, mèh katone sakèhing cahya, ing kono panggonaning ngawinake badan karo nyawa, kasêbut ing sajroning cipta mangkene.
Allah kang kinawin, winalènan dening Rasul, pangulune Muchammad, saksine malaekat papat, iya iku Ingsun kang angawin
--- 34 ---
badaningsun, winalènan dening rahsaningsun, kaunggahake dening cahyaningsun, sinaksènan dening malaekatingsun papat, Jabrail, iya iku pangucapingsun, Minkail, pangambuningsun, Israfil, Paningalingsun, Ijrail, pamiyarsaningsun, srikawine sampurna saka ing kudratingsun.
Nuli anyipta sangkan-paran Tanazu'ltarki, kasêbut ing ngisor iki.
Ingsun mancad saka 'alam Insan-kamil, tumêka maring 'alam Ajsam, nuli tumêka maring 'alam Misal, nuli tumêka maring 'alam Arwah, nuli tumêka maring 'alam Wachdiyat, nuli tumêka maring 'alam Wahdat, nuli tumêka maring 'alam Akhadiyat, nuli tumêka maring 'alam Insan-kamil manèh, sampurna padhang tarawangan saka ing kudratingsun.
Nuli anyipta ing pambirat asaling cahya sawiji-wiji kasampurnakake saka kudrat-kita, supaya aja nganti kelimputan dening cahya kang anandhakake durgamaning sangkan-paran, mangkene pambirate ing sajroning cipta.
Cahya irêng kadadeyaning napsu luwamah sumurup maring cahya kang abang, cahya kadadeyaning napsu Amarah sumurup maring cahya kang kuning, cahya kuning kadadeyaning napsu Sufiyah sumurup maring cahya kang putih, cahya putih kadadeyaning napsu Mutmainah sumurup maring cahya kang amancawarna, cahya kang amancawarna kadadeyaning pramana sumurup maring Dzating cahyaningsun awêning mancur mancorong gumilang tanpa wêwayangan, byar sampurna padhang tarawangan, ora ana katon apa-apa kabèh-kabèh padha kalimputan dening Dzatingsun saka ing kudratingsun.
Ing nalika iku upama ana karasa apa-apa ing badane angusapa pusêr kaping têlu upama angrasa liwung kaya mêndêm, angusapa dhadha kaping 3, upama angrasa arip arêp sare, angusapa bathuk kaping 3, upama angrasa arêp lali, angusapa êmbun-êmbun kaping 3, banjur tata-tata dandan kaya ing ngisor iki patrape.
--- 35 ---
1. Wiwit asidhakêp suku tunggal anutupi babahan nawasanga, darijining asta padha antuk ing sêlaning dariji kaya angapurancang, jêmpol diadu padha jêmpol, banjur tumumpang ing jaja, dibênêr sêsipatane lawan têngahing jaja, salonjoring sikil awit jêmpol sikil katêmokake padha polok digathuk, dhêngkul katêmokake padha dhêngkul dirapêt, palanangan sapalandhungan sinipat karo jêmpol sikil aja nganti katindhihan.
2. Nuli amawas pucuking grana, disipat ing jaja tumêka ing puser, ing palanangan, ing jêmpolan sikil, banjur angêningake cipta.
3. Nuli angêrêmake netra kang alon, angingkêmake lambe kang dhamis, untu gathuka padha untu kang rata, ilat katêkuk mandhuwur kapadalake ing cêthak, banjur pasrah analangsa ing Dzating dhewe.
4. Nuli amêgêng napas ing sanalika banjur anyipta matrapake panjênênganing Dzat, wiwit angumpulake kawula gusti mangkene.
Ingsun Dzating Gusti Kang Asifat Esa, anglimputi ing kawulaningsun tunggal dadi sakahanan, sampurna saka ing kudratingsun. Ing kono pamêgênging napas tunurunake[43] mêtuning grana kang alon aja nganti kasusu.
Yèn wis sarèh amêgêng napas manèh ing sanalika banjur anyipta maha sucèkake ing Dzat-kita kaya mangkene.
Ingsun Dzat Kang Maha Suci Asifat Langgêng, kang amurba amisesa kang kawasa, kang sampurna nirmala waluya ing jatiningsun kalawan kudratingsun. Ing kono pamêgênging napas tinurunake mêtu ing grana manèh, kang alon aja nganti kasusu.
Yèn wis sarèh amêgêng napas manèh ing sanalika banjur anyipta angrakit karatoning Dzat-kita kang amaha mulya kaya mangkene.
Ingsun Dzat Kang Maha Luhur Kang Jumênêng Ratu Agung, kang amisesa kang kawasa andadèkake ing karaton kang
--- 36 ---
agung kang maha mulya, Ingsun wêngku sampurna sakapraboningsun, sangkêp saisèn-isèning karatoningsun, pêpak sabalaningsun kabèh ora ana kang kêkurangan, byar gumêlar dadi saciptaningsun, ana sasêdyaningsun, têka sakarsa-karsaningsun kabèh, saka ing kudratingsun. Ing kono pamêgênging napas tunurukake[44] mêtu ing grana manèh, kang alon aja kêsusu.
Yèn wis sarèh amêgêng napas manèh ing sanalika banjur anyipta angracut ing jisim-kita kaya mangkene.
Jisimingsun kang kari ana ing 'alam dunya, yèn wis ana ing jaman karamat kang amaha mulya, wulu kulit daging gêtih balung sungsum sapanunggalane kabèh, asale saka ing cahya muliha maring cahya, sampurna bali marang Ingsun manèh, saka ing kudratingsun. Ing kono pamêgênging napas tinurunake mêtu ing grana manèh, kang alon aja nganti kasusu.
Yèn wis sarèh amêgêng napas manèh ing sanalika banjur anyipta anarik marang para akrab sapandhuwur sapangisor kang wis padha ngajal, kasampurnakake kaya mangkene.
Yoganingsun sapandhuwur sapangisor kabèh, kang padha mulih ing jaman karamating 'alame dhewe-dhewe padha suci mulya sampurna kaya Ingsun saka ing kudratingsun. Ing kono pamêgênging napas tinurunake mêtu ing grana manèh, kang alon aja nganti kasusu.
Yèn wis sarèh amêgêng napas manèh ing sanalika banjur anyipta angukud gumêlaring 'alam dunya kasampurnakake kabèh kaya mangkene.
Ingsun andadèkake 'alam dunya saisèn-isène kabèh iki, yèn wis tutug ing wêwangêne, Ingsun-kukud mulih mulya sampurna dadi sawiji kalawan kahananingsun manèh saka ing kudratingsun. Ing kono pamêgênging napas tinurunake mêtu ing grana manèh kang alon aja nganti kasusu.
Yèn wis sarèh amêgêng napas manèh ing sanalika anyipta ambabar marang têdhak turune kang padha kari kaya mangkene.
--- 37 ---
Turasingsun kang maksih padha kari ana ing 'alam dunya kabèh, padha nêmuwa suka bungah sugih singgih aja ana kang kêkurangan, rahayu salamêta sapandhuwur sapangisor saka ing kudratingsun. Ing kono pamêgênging napas tinurunake mêtu ing grana manèh, kang alon aja nganti kasusu.
Yèn wis sarèh amêgêng napas manèh ing sanalika banjur anyipta amasang pangasihan marang para tumitah kabèh kaya mangkene.
Sakèhe titahingsun kabèh, kang padha andulu kang padha karungu padha asih wêlasa marang Ingsun saka ing kudratingsun. Ing kono pamêgênging napas tinurunake mêtu ing grana manèh, kang alon aja nganti kasusu.
Yèn wis sarèh amêgêng napas manèh ing sanalika banjur anyipta amasang kamayan marang para makluk kang padha angarubiru, utawa ora angendahake marang jisim-kita kaya mangkene.
Sakèhing maklukingsun kabèh, kang ora angendahake maringsun, padha kaprabawa ing kamayan dening kudratingsun. Ing kono pamêgênging napas tinurunake mêtu ing grana manèh kang alon aja nganti kasusu.
Dene ênggone amatrapake panjênênganing Dzat kabèh mau yèn karingkês dadi sawiji ana pratingkahe, wiwit pamêgênging napas amung sapisan bae, ing sanalika amatrapêna kaya mangkene.
Sakaliring cahya kabèh padha kalimputan dening Dzatingsun, iya Ingsun Dzating Gusti Kang Asifat Esa, iya Ingsun Dzat Kang Maha Suci Asifat Langgêng, iya Ingsun Dzat Kang Maha Luhur Kang Jumênêng Ratu Agung, kang amurba amisesa kang kawasa angracut jisimingsun, anarik yoganingsun, ngukud jagadingsun, ambabar turasingsun amasang pangasihan marang titahingsun, amasang kamayan marang maklukingsun kabèh sampurna saka ing kudratingsun. Banjur kacipta ing sasurasane, sarta pamêgênging napas tinurunake mêtu ing grana kang alon aja nganti kasusu.
--- 38 ---
Mungguh cancude ing sajroning amêgêng napas mau, ugêr èngêt ing cipta bae patrape kabèh iku iya wis cukup, sabab yèn sajroning jaman karamatu'llah ing têmbe waktuning makam ijabah, têgêse panggonan katarima, apa saciptane dadi, amarga sirnaning mudah kari wajah, mudah iku Dzating kawula, wajah iku Dzating Gusti Kang Asifat Langgêng.
Yèn wis mangkono, maras kita tumangkêp ing ati, andadèkake sêsêke ing napas, ing kono banjur anarik napas saka kiwa mubêng anêngên, saka têngên mubêng ngiwa, kakumpulake dadi sawiji ana ing lintang johar akhir, iya iku pusêr, katarik mandhuwur bênêr kang sarèh, lèrèn tinata ana ing maligening Bait-al-muharram, iya iku jaja, banjur anyipta cangcuding amatrapake panjênênganing Dzat, dièngêt aja nganti tumpang suh kumpuling napas, tanapas, anpas, nupus; napas iku têtalining jisim, dumunung ana ing ati suweda, têgêse woding ati, wahanane dadi angin kang mêtu saka badan bae, tanapas iku têtalining ati, dumunung ana ing pusêr, wahanane dadi angin kang manjing marang badan bae, anpas iku têtalining roh, dumunung ana ing jêjantung, wahanane dadi angin kang têtêp ana ing jêro bae, nupus iku têtalining rahsa, dumunung ana ing ati puat kang aputih, iya iku ana ing woding jêjantung, wahanane dadi angin kang mêtu angiwa anêngên saka badan, pakartine, anglimputi sakaliring jasmani kalayan rokhani.
Yèn wis kumpul dadi sawiji, napas, tanapas, anpas, nupus, mau banjur katarik mandhuwur kang alon, lèrèn tinata ana ing maligening Bait-al-makmur iya iku ing sirah, ing kono kacipta licin dadi nukat gaib, têgêse saliring jasmani kacipta luluh dadi banyu, nuli kaciptaa luyut dadi nyawa, nuli kaciptaa lêyêp dadi rahsa, nuli kaciptaa layat cahya gumilang tanpa wêwayangan ing kahanan-kita kang sêjati. Yèn wis mangkono, êrah-kita parad banjur karasa walikatên salir anggaotaning kabèh andadèkake: netra bawur, talingan pênglèh, grana
--- 39 ---
mingkup, lidhah mangkêrêt, ing wêkasan cahya surêm, swara sirna, ora bisa aningali, miyarsa, angganda, amirasa, amung kari cipta bae, amarga wis kinukud tataning sarengat, tarekat, hakekat, makrifat; sarengat iku lakuning badan, dununge ana ing lesan; tarekat lakuning ati, dununge ing grana; hakekat lakuning nyawa, dununge ing talingan; makrifat lakuning rahsa, dununge ing netra; mula sajatining sarengat iku lesan, tarekat: grana, hakekat: talingan, makrifat: netra, mungguh kang kinukud dhingin, paningaling netra, kaumpamakake bawuring kaca wirangi utawa êsating banyu zamzam, nuli pamiyarsaning talingan, kaupamakake rêntahing godhong sajaratilmuntaha, utawa kangsrahing hajar-al-aswad, nuli panggandaning grana, kaumpamakake guguring wukir ikrap, utawa rubuhing ardi tursina, nuli pamirasaning lesan, kaumpamakake bubrahing wot siratalmustakim, utawa rusaking ka'batu'llah; ing kono banjur karasa nikmat saliring anggaotaning sarira kabèh, angluwihi nikmating sanggama ing nalika mêtokake rahsa, amarga awit binuka kijabing Pangeran, waktune sirnaning warana banjur katoning jaman karamatu'llah, têgêse jaman kamulyaning Allah, pangrasane ing dalêm Adam kukmi têkane sakèhing cahya kang padha anglimputi ing Dzating karaton, ing nalika iku amung amustya pêpuntoning tekad kang santosa, kaya ngibarating aksara Alif kang ajabarjèr apês, unine: A, I, U, têgêse: Aku Iki Urip, banjur anyiptaa brangta ing Dzat, supaya aja kaengêtan marang kang kari kabèh.
WANGSITE KANGJENG SUSUHUNAN KALIJAGA BAB APA KANG BAKAL KALEKSANAN ING DALEM JAMAN KARAMATU'LLAH.
Iki Wangsite Kangjêng Susuhunan Kalijaga, amratelakake kang bakal kalêksanan ing sajroning jaman karamatu'llah, kaya mangkene.
--- 40 ---
Ing atasing 'aral basariyah kabèh, yêkti padha anandhang jawaliyah, têgêse, pêpalanganing manusa iku padha kêna owah gingsir, iya iku pratandhane apêsing kawula. Kayêktènan ing dalêm 'adam kukmi katon saka pangrasa kaya ing ngisor iki.
1. 'Alam Rokhiyah.
1. Kang dhingin, awit katon 'alam Rokhiyah têgêse 'alaming nyawa, apadhang dudu padhanging rahina, tanpa keblat wetan lor kulon kidul ing ngisor ing dhuwur, ing kono aningali sagara tanpa têpi, iku wahananing ati kawimbuhan cahyaning utêk, satêngahing sagara katon ana duryat pancamaya warna kaya teja gumawang cahyane, iku wahananing jantung kawimbuhan cahyaning johar awal, iya iku manik, kang panca maya anglimputi jatining ati, dadi pangrasaning sarira, êmpane dumunung ana ing cipta papane ana ing paningal pamiyarsa pangganda pangrasa pamirasa, diarani muka sifat, kawasane amung anuntun sakaliring sifat kabèh, ing nalika iku aja nganti kasamaran marang panêngêraning rupa kang sajati, iya iku rupa-kita pribadi.
2. Alam Siriyah.
2. Kang kapindho, sasirnaning 'alam Rokhiyah, katon 'alam Siriyah, têgêse 'alaming rahsa, padhange angluwihi padhanging 'alam Rokhiyah, ing kono têkaning cahya patang warna irêng abang kuning putih, iku wahananing budi, amêtokake kahananing napsu patang prakara, kang padha dadi durgamaning ati, katone tumaruntun siji-siji, kang wiwit katon dhingin, cahya irêng, iku kahananing napsu Luwamah, hawane ing nalika urip amarakake dahga arip luwe sapanunggalane, wahane[45] ing wadhuk wahyaning saka lesan kadadiyane ing sajroning cahya irêng katon sakaliring sato kewan miwah gêgrêmêt, padha anggragada kaya anganggêp Pangeran, prabawane bumi gonjing, 'alaming napsu diarani 'alam nasut, têgêse lali ing nalika iku panggonaning lali, poma, diengêt sarta
--- 41 ---
santosa, aja nganti korup ana sajroning cahya irêng, bokmanawa anitis marang sato kewan miwah gêgrêmêtan.
Ora antara suwe cahya irêng sirna, katon cahya abang, iku kahananing napsu Amarah, hawane ing nalika urip amarakake angkara panastèn dêduka sapanunggalane, wahanane ing ampêru, wahyane saka karna, kadadeyane ing sajroning cahya abang katon sakaliring budi srani brêkasakan, iya padha kaya anganggêp Pangeran, prabawane gêni murup gêdhe angalad-alad 'alaming napsu diarani 'alam jabarut, têgêse asrêng, ing nalika iku panggonaning rêksasa, poma disarèh sarta santosa, aja anganti korup ana sajroning cahya abang, bokmanawa anitis marang brêkasakan.
Ora antara suwe cahwa abang sirna, nuli katon cahya kuning, iku kahananing napsu Sufiyah, wahane[46] ing nalika urip amarakake pakarêman murka, pêpenginan pakarêman kabungahan sapanunggalane, wahanane ing lêlimpa, wahyane saka netra, kadadiyane ing sajroning cahya kuning katon sakaliring manuk miwah bangsa ibêr-ibêran, iya padha angragada[47] kaya anganggêp Pangeran, prabawane angin pancawora gêdhe 'alaming napsu diarani 'alam lahut, têgêse gingsir, ing nalika iku panggonaning rênggang saliring anggaota, poma ditêtêp, sarta santosa, aja anganti korup ana sajroning cahya kuning, bokmanawa anitis marang manuk miwah bangsa ibêr-ibêran.
Ora suwe cahya kuning sirna, nuli katon cahya putih, iku kahananing napsu Mutmainah, hawane ing nalika urip amarakake lobaning kautaman sapanunggalane, kaya ta anglakoni puja tapa brata kang kalantur-lantur, ora mawa watara, kahanane ing balung, wahyane saka ing grana kadadiyane ing sajroning cahya putih katon sakaliring iwak loh, miwah bangsaning bêburon banyu, ana ing sagara rahmat, iya padha a kaya anganggêp Pangeran prabawa banyu wêning tanpa sangkan 'alaming napsu diarani 'alam malakut têgêse katon, ing nalika iku panggonane uninga ing karaton, poma diwaspada sarta santosa, sabab [sa...]
--- 42 ---
[...bab] dudu sajatining karaton kang rinakit maha mulya, aja nganti korup ana sajroning cahya putih, bokmanawa anitis marang iwak loh miwah bangsaning bêburon banyu.
3. 'Alam Nuriyah.
3. Kang kaping têlu, sasirnaning alam Siriyah, katon 'alam Nuriyah, têgêse 'alaming cahya, padhange angluwihi padhanging 'alam Siriyah, ing kono têkaning cahya amancawarna, irêng abang kuning putih ijo, gumêlar barêng padha katon karaton sarwa raras kabèh, iku wahanane pancadriya, kawimbuhan cahyaning pramana, 'alaming pancadriya diarani 'alam hidayat, têgêse pituduh, dening anuduhake panggonane ing nalika gumêlaring karaton, ananging dudu sajatining karaton kang rinakit maha mulya, iya iku karatoning panasaran, kaya ta, karaton kang katon ana sajroning cahya irêng, iku dzating sato kewan, miwah gêgrêmêtan kang katon ana sajroning cahya abang, iku karaton dzating brêkasakan, kang katon ana sajroning cahya kuning, iku karaton dzating manuk miwah bangsa ibêr-ibêran, kang katon ana sajroning cahya putih, iku karaton dzating iwak loh, miwah bangsaning bêburon banyu, kang katon ana sajroning cahya ijo, iku karaton dzating têtuwuhan, ing nalika iku ana kapiyarsa swara kaya anuduhake karaton kang agung kang maha mulya, poma dijinêm sarta santosa, aja nganti anyipta milih salah sawiji, bokmanawa kalêbu ing karaton panasaran.
4. 'Alam Nuriyah Luhur.
4. Kang kaping pat, isih ana sajroning 'alam Nuriyah,. ing kono katon cahya wêning, sajroning cahya ana urub sawiji angadêg sasada lanang gêdhene, darbe sorot wolung warna, irêng abang kuning putih ijo biru wungu dadu, gumêlar padha katon swarga asri kabèh, iku wahananing warnaning pramana, kawimbuhan dening suksma, 'alaming pramana diarani 'alam 'iskat, têgêse birahi dening panggonane rumasa
--- 43 ---
brangta marang gumêlaring swarga, ananging dudu sajatining swarga kang maha suci, dudu panggonan kang nikmat manpangat rahmat, iya iku kahyanganing jin kabèh, amung panggonan kamuktèn bae, kaya ta:
Kang katon swarga irêng mêlês mêlêng-mêlêng mimba mustikaning bumi iku kadadiyan saka kanisthaning cipta, yèn jumênêng ana ing kono, bokmanawa dadi rêtuning[48] jin irêng.
Kang katon swarga sarwa abang abra marakata mimba sêsotya gêniyara, iku kadadiyan saka dusthaning cipta, yèn jumênêng ana ing kono, mbokmanawa dadi ratuning jin abang.
Kang katon swarga sarwa kuning sumunar mimba rêtna dumilah, iku kadadiyan saka dorsaning[49] cipta, yèn jumênêng ana ing kono, bokmanawa dadi ratuning jin kuning.
Kang katon swarga sarwa putih maya-maya wênês mimba manik maya, iku kadadiyan saka sêtyaning cipta, yèn jumênêng ana kono, bokmanawa dadi ratuning jin putih.
Kang katon swarga sarwa ijo angênguwung mimba manik tejamaya, iku kadadiyan saka santosaning cipta, yèn jumênêng ana ing kono bokmanawa dadi ratuning jin ijo.
Kang katon swarga sarwa biru muyêk mimba manik nilapakaja, iku kadadiyan saka sambawaning cipta, yèn jumênêng ana ing kono bokmanawa dadi ratuning jin biru.
Kang katon swarga sarwa wungu nêngêr mimba manik pusparaga, iku kadadiyan saka sambadaning cipta, yèn jumênêng ana ing kono, bokmanawa dadi ratuning jin wungu.
Kang katon swarga sarwa dadu muncar mimba manik mirah dalima, iku kadadiyan saka owah gingsiring cipta, yèn jumênêng ana ing kono, bokmanawa dadi ratuning jin dadu. Ing nalika iku kambu gandane sakèhing kahyangan mau amrik arum angambar kaya anarik ing rahsa, poma aja nganti karaksake,[50] bokmanawa kalêbu ing swarga panasaran.
--- 44 ---
5. 'Alam Uluhiyah.
5. Sasirnaning 'alam Nuriyah, katon 'alam Uluhiyah, iya iku 'alam Ilahiyah, têgêse 'alaming Pangeran, padhange angluwihi padhanging 'alam Nuriyah, ing kono katon cahya mancur, sajroning cahya ana sifating rêrupan kaya tawon gumana, jumênêng ing makam pana, iku warnaning suksma kang amimbuhi ing saliring warna kabèh, anglimputi saubênging jagad cilik jagad gêdhe ing saisèn-isène, ananging uripe saka pramaning[51] rahsa, ing nalika iku têkaning malaekat, awarna bapa kaki, sapanunggalane lêluhur lanang, angaku utusane Dzat Kang Maha suci, kinèn angirid marang chalaratu'llah, poma disantosa aja nganti angimanake, sabab iku af'aling suksma-kita pribadi.
6. 'Alam Uluhiyah Luhur.
6. Kang kaping nêm, isih sajroning 'alam Uluhiyah, sangsaya wuwuh padhange, ing kono katon cahya mancorong, sajroning cahya ana sifating rêrupan kaya golèk gadhing asawang pêputran mutyara, dudu lanang dudu wadon, dudu wandu, jumênêng ing makam baka, iku pramananing rahsa kang amurba amisesa ing 'alam kabèh, ananging uripe saka dzating atma, ing nalika iku têkaning widadari awarna biyung nini, sapanunggalane lêluhur wadon, angaku utusane Dzat Kang Amaha Suci, kinèn angirid marang chakaratu'llah,[52] poma disantosa aja nganti angimanake, sabab iku af'aling rahsa-kita pribadi.
7. 'Alam Uluhiyah Luhur Dhewe.
7. Kang kaping pitu, isih sajroning 'alam Uluhiyah, tanpa kira-kira padhange, ing kono ora katon apa-apa, amung cahya gumilang tanpa wêwayangan iku Dzating atma, anunggal Sajatining Dzat Kang Asifat Esa, ora jaman, ora arah, ora-ênggon, tanpa warna, tanpa rupa, kadim azali abadi, kang amurba amisesa kang kawasa nitahake sakaliring alam anglimputi ing 'alam kabèh apranawa mêngku saliring makam sampurna, urip dhewe ora ana kang nguripi dibasakake: chayun bilarochin, têgêse tanpa
--- 45 ---
nyawa, iya iku Tajalining Gusti Kang Amaha Suci Sêjati, kang agung Dzate, kang elok sifate, kang wisesa asmane, kang sampurna af'ale, dumunung ing urip kita pribadi, ing kono tanpa antara pamoring kawula-gusti, iya iku urip kita mulih dadi sajatining Dzat mutlak kang kadim azali abadi, dibasakake: chayun pidareni, têgêse urip ing kahanan lor ana ing 'alam sahir kita urip, ana ing 'alam kabir iya urip, padha sanalika banjur èngêt ing wèntèhan saniskaraning purwa madya wasana kabèh. Aja uwas sumêlang manèh, ing wêkasan sumangga, anggon-anggon ana ing karsa, katarima ana ing sarira, aku amung drêma angimpun sakaliring ngelmi saka wêwêjanging guru sawiji-sawiji, pangrasaning ati wis ganêp, kuranga kaya ora akèh, anjaba amung wêjange Kiyahi Agêng Liman, iku pakewuh ênggonku matrapake, sabab unine kaya ngelmu kabuddhan, mangkene pamêjange.
Hiyang hyang jawata yogyaning ngulun, kawidèkna kapiya karêp, gunung lawu sap pitu iku kabèh, Saka pamikirku iya prayoga ing surasane, kaya amêmuji aja nganti mati ing saênggon-ênggon, bisaa mati kaulêsan lawon lapis pitu, ananging pakewuhing patrap dening unine kang anandhakake ora pakolèh.
Ing wusana aku matur ambodhoni, ana kang durung pati têrang ing sêsurupanku, iya iku pambirating ganda ala bisaa angganda bêcik, manawa ing buri ana kang wis olèh katêranganing sêsurupan, anyumanggakake patraping panggonane.
Dene pemutku Wirid iki ora kêna kapriksa marang kang durung tunggal ngelmu, bokmanawa kawancenan mundhak apa pakolèhe, dhêstun amung bêbantahan bae, mulane bangêt-bangêt ing wêwêlingku, aja nganti para bantahan, muga kagaliha ing sayêktine.
--- 46 ---
WUWUHAN
BAB PAMBIRATING GANDA ALA BISAA ANGGANDA ARUM.
Bab pambirating ganda ala, bisaa angganda bêcik, saiki aku wis olèh sêsurupan, saka pamêjange sawijining guruku, samêngko ngelmu mau kagêlarake ing kene, katambahake nunggal ana sajroning Wirid iki manggon ing pungkasan.
Dene asale ngelmu mau, kacarita ing kuna saka wasiyate Kangjêng Susuhunan Kalijaga, kang kawasiyatake marang para putra wayah kabèh.
Saka pituduhe kiyahi guru, mungguh kang katêmbungake Kangjêng Susuhunan Lèpèn, tumrap surasane ngelmu iki, sajatine iya banyu Urip iya iku ananing urip-kita pribadi.
Wondene patraping panganggone, sasurasane ngelmu iki kaèsthi ing dalêm cipta. ing nalika anyipta cangcuding amatrapake panjênênganing Dzat, utawa kawisikake marang wong kang wis ngangkat sakarat. Para kang padha nganggo ngelmu iki, kang wis katatalan jisime banjur bisa angganda arum, dadi kang padha ngupakara padha rahab kabèh, rêsêp anggone ngrukti
Iki ngelmune kang kaèsthi:
Bismi'llahi-rrahmani-rrahim, Sabda angin, tansah murba wisesa, sah ganda kari rasa, badanku arum, sèlèhku arum, rak-lap tan ana karasa, dhong ginêndhong saking kêrsane Gusti Sunan Lèpèn, radia Allahu, 'anhu, 'alaihi salam. (R. Tanoyo).
--- 47 ---
HIDAYAT-JATI
WARAHING HIDAYAT-JATI.
Anuduhake dununge pangkating ngelmu makrifat wêwêjangan saka para Wali ing tanah Jawa.
Iki Warahing Hidayat-Jati, kang anuduhake dununge pangkating ngelmu makrifat, wêwêjangan saka para Wali ing tanah Jawa, sasedane Kangjêng Susuhunan ing Ngampèldenta, padha karsa ambuka wiridan kang dadi wijining wêwêjangane surasaning ngelmu kasampurnan dhewe-dhewe, wiyose iya uga asal saka Dalil Hadist Ijmak Kiyas, kaya kang wis kasêbut ana sajroning wirid kabèh, mungguh papangkate sawiji-sawiji kapratelakake ing ngisor iki.
Kang dhingin, saangkatan nalika jaman awale nagara Dêmak, para Wali kang karsa amêjang amung wêwolu.
1. Kangjêng Susuhunan ing Giri Kadhaton, wêwêjangane, Wisikan Ananing Dzat.
2. Kangjêng Susuhunan ing Tandhês, wêwêjangane, Wêdharan Wahananing Dzat.
3. Kangjêng Susuhunan ing Majagung, wêwêjangane, Gêlaran Kahananing Dzat.
4. Kangjêng Susuhunan ing Benang, wêwêjangane, Pambukaning Tata-malige, ing dalêm Bait-al-makmur.
5. Kangjêng Susuhunan ing Muryapada, wêwêjangane, Pambukaning Tata-malige ing dalêm Bait-al-muharram.
6. Kangjêng Susuhunan ing kalinyamat, wêwêjangane, Pambukaning Tata-malige ing dalêm Bait-al-mukaddas.
7. Kangjêng Susuhunan ing Gunungjati, wêwêjangane, Santosaning Iman.
8. Kangjêng Susuhunan ing Kajênar, wêwêjangane, Sasahidan.
Kang kapindho, ing saangkatan manèh nalika jaman akhire nagara ing Dêmak, para Wali kang karsa amêjang iya amung wêwolu.
--- 48 ---
1. Kangjêng Susuhunan ing Giri Parapèn, wêwêjangane, Wisikan Ananing Dzat.
2. Kangjêng Susuhunan ing Darajat, wêwêjangane, Wêdharan, Wahananing Dzat.
3. Kangjêng Susuhunan ing Atasangin, wêwêjangane, Gêlaran Kahananing Dzat.
4. Kangjêng Susuhunan ing Kalijaga, wêwêjangane, Pambukaning Tata-malige ing dalêm Bait-al-makmur, banjur ambabar sagung kang dadi parabote amatrapake panjênênganing Dzat kabèh, nanging durung urut patrap panganggone ing sawiji-wiji.
5. Kangjêng Susuhunan ing Têmbayat, kalilan dening guru Kangjêng Susuhunan ing Kalijaga, ambabarake wêwêjangane, Pambukaning Tata-malige ing dalêm Bait-al-muharram.
6. Kangjêng Susuhunan ing Padusan, wêwêjangane, Tata-malige ing dalêm Bait-al-mukaddas..
7. Kangjêng Susuhunan ing Kudus, wêwêjangane, Panêtêp Santosaning Iman.
8. Kangjêng Susuhunan Gêsêng, wêwêjangane, Sasahidan.
Dene wêwêjangane kang wis kasêbut ing dhuwur iku, surasane iya anunggal bae, amarga padha wiridan saka Pamêjange Kangjêng Susuhunan ing Ngampèldênta kabèh, mula ing mêngko kaimpun dadi sawiji, supaya gampang anggonku angrasakake riwayating Dalil Hadist Ijmak Kiyas, sarèhne hakekate Dzating Pangeran Kang Amaha Suci iku binasakake luwih dening gaib, tanpa warna tanpa rupa, asifat dudu lanang, dudu wadon, dudu wandu, sarta ora mawa jaman, ora arah ora ênggon amung cipta-sasmita dumunung ana kang waskita. Wêwisikane ora ana apa-apa sakèhe kang kasêbut iku dudu sajatining Dzat kabèh, ananing[53] kang wajib kaimanake amung Ingsun.
Mungguh wêwisikane kang wis waskita iku, manawa durung bisa anampani ing panggalih, prayoga amarsudi ing surasane pangimpuning
--- 49 ---
para wêwêjangan kabèh, kaya kang kasêbut ana Warahing Hidayat-Jati mangkene.
Sajatining Dzat Kang Amaha Suci iku asifat Esa dibasakake Dzat mutlak kadim azali abadi, têgêse asifat sawiji, kang amasthi dhingin dhewe nalika isih awang uwung salawase ing kahanan-kita, iya iku jumênêng pribadi, ana sajroning nukad gaib kang kêluwih langgêng, ing kono amêdharake kudrat iradate dadi pitung kahanan, minangka warnaning Dzat, dadi wahananing sifat, asma af'al kabèh, ing ngisor iki babare sawiji-wiji.
1. Chayu, têgêse urip, dumunung sajabaning Dzat.
2. Nur, têgêse cahya, dumunung sajabaning urip.
3. Sir, têgêse rahsa, dumunung sajabaning cahya.
4. Roh, têgêse nyawa, diarani suksma, dumunung sajabaning rahsa.
5. Napsu, têgêse angkara, dumunung sajabaning suksma.
6. 'Akal, têgêse budi, dumunung sajabaning napsu.
7. Jasad, têgêse badan, dumunung sajabaning budi.
Dene Chayu, iku kang kapasrahan pangawasaning Dzat, kinarsakake anguripi kahananing cahya, rahsa, suksma, napsu, budi, badan kabèh sumarambah saka ing wiwitan tumêka ing wêkasan, mungguh wêwijangane kaya ing ngisor iki.
1. Ing nalika Chayu anguripi kahananing cahya, sumarambah ing netra, wahanane dadi bisa aningali, iya iku paningaling Dzat angagêm ing netra-kita.
2. Ing nalika Chayu anguripi kahananing rahsa, sumarambah ing grana, wahanane dadi bisa angganda, iya iku panggandaning Dzat angagêm ing grana-kita.
3. Ing nalika Chayu anguripi kahananing suksma, sumarambah ing lidah, wahanane dadi bisa ngandika, iya iku pangandaning[54] Dzat angagêm ing lesan kita.
--- 50 ---
4. Ing nalika Chayu anguripi kahananing napsu, sumarambah ing talingan, wahanane dadi bisa amiyarsa, iya iku pamiyarsaning Dzat angagêm ing karna-kita.
5. Ing nalika Chayu anguripi kahananing budi, sumarambah ing ati, wahanane dadi bisa birahi anduwèni karsa, iya iku karsaning Dzat anggêm[55] ing ati-kita.
6. Ing nalika Chayu anguripi kahananing jasad, sumarambah ing gêtih, wahanane dadi bisa ambêkan, banjur anuwuhake wulu kuku sapadhane, iya iku af'aling Dzat angagêm ing saulah-kita saèstu ora beda ing nalika amratandhani af-al sajroning 'alam, banjur bisa amolahake srêngenge rêmbulan, angin sapanunggalane, saisèn-isèning 'alam kabèh, padha dumunung ana ing purba wisesaning Dzat kaya kang kasêbut ing ngisor iki.
1. Dzat Amurba Chayu, têgêse, Dzat iku witing urip.
2. Chayu amisesa Nur, têgêse, urip iku amêngku wahyaning cahya.
3. Nur kang misesa Sir, têgêse, cahya iku amêngku uriping rahsa.
4. Sir amisesa Roh, têgêse rahsa iku amêngku uriping suksma.
5. Roh amisesa Napsu, têgêse, suksma iku amêngku uriping napsu.
6. Napsu amisesa 'Akal, têgêse, napsu iku amêngku uriping budi.
7. 'Akal amisesa Jasad, têgêse, budi iku amêngku uriping jasad.
Mungguh baline mangkene.
Jasad kawisesa dening budi, budi kawisesa dening napsu, napsu kawisesa dening suksma, suksma kawisesa dening rahsa, rahsa kawisesa dening cahya, cahya kawisesa dening urip, urip kapurba dening Dzat, mulane wahananing urip iku tanpa wangênan karo ananing Dzat, iya urip-kita iku Dzating Gusti Kang Amaha Suci Sejati, aja uwas sumêlang ing galih.
--- 51 ---
Patraping Manekung Saka wasiyat-dalêm Kangjêng Panêmbahan Senapati Ingalaga Mataram.
Dene santosaning pangèsthi kayêktèkake kang dadi tandhane, iku manawa pinêsu ing sajroning manekung anungku samadi anêgês karsa amarsudi kawasa, adat kang wis kalakon, ana mangunah têka kagawa ing utusan mêtu saka-sarira-kita kang amaha mulya, manawa tandha katon saka pramana karasa ing dalêm rahsa, ing kono manawa katarima kang cinipta dadi, kang sinêdya ana, kang kinarsan têka saka parmaning Kang Kawasa, mungguh pratikêle manawa arêp manekung saka wasiyate Kangjêng Panêmbahan Senapati Ingalaga Mataram, kaya ing ngisor iki.
Wiwit angurangi dhahar sare, anyêgah sahwat ambirat napsu hawa ing dalêm sawatara dina, banjur pasa anglowong sarta ambisu ing dalêm têlung dina têlung bêngi, ora kêna angêmu sak sêrik duka cipta, manawa pasane wis kari sawêngi ora kêna sare, barêng ing wayah têngah wêngi adus banjur manganggo kang sarwa suci, sarta akêkonyoh ganda wida jêbad wangi, adêdupa marêp mangetan utawa mangulon angarêpake keblate dhewe, tumêkane ing wayah bangun esuk iku wiwit tafakur mati-raga nutupi babahan nawangsanga,[56] patrape pitêkur, jêmpol sikil katêmokake padha jêmpol sikil dipapak, polok katêmokake padha polok digathuk, jêngku katêmokake padha jêngku dirapêt, palanangan sapalandhungane sinipat karo jêmpol sikil-dibênêr aja nganti katindhihan, nuli asta karo angrangkul jêngku atrap sidhakêp suku tunggal darijining asta padha antuk ing sêlaning dariji kaya angapu-rancang, jêmpol asta banjur winawas karo pucuking grana, nuli anata wêtuning napas tanapas anpas nupus, aja nganti tumpang suh kumpule dadi sawiji ing kono tinarik saka kiwa. Tumêka ing pusêr lèrèn saantara suwe banjur katurunake anêngên mêtu ing lèng grana têngên kang alon aja nganti kasusu. Manawa wis sarèh anarik napas manèh saka têngên tumêka ing pusêr lèrèn saantara suwene banjur katurunake angiwa mêtu ing
--- 52 ---
lèng grana kiwa kang alon aja nganti kasusu, ambal kaping têlu mangkono panariking napas, wêkasane manawa wis sarèh anarik napas manèh saka kiwa mubêng anêngên, saka têngên mubêng angiwa, kakumpulake dadi sawiji ana ing pusêr, banjur katarik mandhuwur bênêr kang asarèh, lèrèn tinata ana ing jaja, banjur katarik mandhuwur manèh kang alon-alon, lèrèn tinata ana ing sirah, ing kono angênêngake[57] cipta sarwi osik matrapake panjênênganing Dzat kaya mangkene.
Ingsun Tajalining Dzat Kang Amaha Suci, Kang Amurba Amisesa Kang Kawasa angandika kun payakun, ... anu ... mêtu saka kudratingsun. Manawa wis mangkono, adat padha sanalika bae kayêktènan kang dadi tandhane, nuli panariking napas katurunake mêtu ing lèng grana karo pisan kang alon aja nganti kasusu, ing wêkasan pasrah analangsa marang Dzat-kita dhewe.
Mungguh patraping panekungan iku prayogane bisaa kalakon ing sabên sasi sapisan, orane amung sabên ing dina ijabah bae aja nganti katowongan, sabab ing kono waktuning katarima saliring panuwun, kaya kang kasêbut kapratelakake ing ngisor iki.
1. Sasi Muharram, ijabahe tanggal kaping 9, karo tanggal kaping 10.
2. Sasi Mulud, ijabahe tanggal kaping 12.
3. Sasi Rêjêb, ijabahe tanggal kaping 27.
4. Sasi Ruwah, ijabahe tanggal kaping 15.
5. Sasi Pasa, ijabahe tanggal kaping 21, 23, 25, 27 utawa tanggal kaping 29.
6. Sasi Bêsar, ijabahe tanggal kaping 8, utawa kaping 9.
Liyane iku sêpên tanpa dina ijabah.
--- 53 ---
Urut - urutane arane wahananing Dzat.
Ing mêngko amratelakake urut-urutane namane Wahananing Dzat kang wis kasêbut ing ngarêp kabèh mau kaya ing ngisor iki.
1. Cahyu[58]
Kang dhingin Cahyu, têgêse urip, diarani Chayun, têgêse panguripan, diarani manèh Chayat, têgêse anguripu, diarani manèh Chayu-daim, têgêse urip kang têtêp, ananging sajatine iya amung sawiji Chayu iku.
2. Nur.
Kang kapindho Nur, têgêse cahya, iku sajatine iya amung sawiji, ananging dinamani dadi limang pasêbutan.
1. Nur Riyat, têgêse cahya samar, warnane irêng.
2. Nur Rani, têgêse cahya loro, iya iku cahya kapindho, warnane abang.
3. Nur Mahdi, têgêse cahya sumirat, warnane kuning.
4. Nur Nubuwat, têgêse cahya kang santosa, warnane ijo.
5. Nur Muhammad, têgêse cahya kang pinuji, warnane putih. Mungguh grêbane kabèh iku, kasêbut nama Nuru'llah, têgêse cahyaning Allah.
3. Sir.
Kang kaping têlu Sir, têgêse rahsa, iku sajatine iya amung sawiji ananging dinamani dadi nêm pasêbutan.
1. Sir Ibtadi, têgêse rahsa purba, iya iku dadi wahyaning asmaranala.
2. Sir Kahari, têgêse rahsa wisesa, iya iku dadi wahyaning asmaratura.
3. Sir Kamali, têgêse rahsa sampurna, iya iku dadi wahyaning asmaraturida.
4. Sir Ngaji, têgêse rahsa mulya, iya iku dadi wahyaning asmaradana.
--- 54 ---
5. Sir Hakiki, têgêse rahsa sajati, iya iku dadi wahyaning asmaratantra.
6. Sir Wahdi, têgêse rahsa tunggal dinamani Sir gaibi, têgêse rahsa gaib, iya iku dadi wahyaning asmaragama. Mungguh grêbane kabèh iku kasêbut nama Siru'llah, têgêse rahsaning Allah.
4. Roh.
Kang kaping pat Roh, têgêse nyawa, utawa suksma, iku sajatine iya amung sawiji, ananging dinamani dadi pitung pasêbutan.
1. Roh Jasmani, têgêse nyawaning badan, iya iku wêwayanganing nyawa kang anguripake anggaotaning jasad, dingibaratake roh kewani têgêse kaumpamakake nyawa kang anguripi sato kewan.
2. Roh Nabati, têgêse nyawaning tumuwuh, iya iku wêwayanganing nyawa kang anuwuhake wulu kuku sapanunggalane tumanêm dadi uriping budi.
3. Roh Napsani, têgêse nyawaning napsu, iya iku wêwayanganing nyawa kang nguripake hawaning napsu.
4. Roh Rahmani, têgêse nyawaning kang sifat murah, diarani Roh rabani, têgêse nyawaning Pangeran, iya iku wêwayanganing nyawa kang anguripake kahananing rahsa.
5. Roh Rokhani, têgêse nyawaning suksma, iya iku wêwayanganing nyawa kang anguripake warananing suksma.
6. Roh Nurani, têgêse nyawaning cahya, iya iku wêwayanganing nyawa kang anguripake wahananing cahya.
7. Roh Idlafi, têgêse nyawa kang wêning, diarani Roh Kudus, têgêse nyawa kang suci, iya iku wêwayanganing nyawa kang anguripi ananing atma.
Mungguh grêbane kabèh iku kasêbut nama Rochu'llah, têgêse nyawaning Allah.
Dene têrange wêwêjanganing Roh iku manawa karujukake karo wasiyate Ingkang Sinuhun Sultan Agung nalika musawaratan
--- 55 ---
ngèlmu, kadhawuhake marang Kyai Pangulu Ahmad Katêgan, mangkene pangandika-dalêm.
Sajatine roh iku sawiji, minangka kahananing rahsa, binasakake nyawa utawa jiwa, kasêbut aran suksma, prabedane padha amawa tandha sowang-sowang.
1. Tandhaning Roh iku anganakake gêtih.
2. Tandhaning Nyawa anganakake kêtêtêk.
3. Tandhaning Jiwa anganakake napas.
4. Tandhaning suksma anganakake rahsaning jasad.
Ananging Suksma iku ana papangkatane dadi pitung warna, iki sawiji-wijine.
1. Patêmone jasad lan napas, iku dèn arani Suksma Wahya, têgêse suksma lair.
2. Patêmoning napas lan budi, iku dèn arani suksma Dyatmika, têgêse suksma batin.
3. Patêmoning budi lan napas, iku dèn arani suksma lana, têgêse suksma têtêp.
4. Patêmoning napsu lan nyawa, iku dèn arani Suksma Mulya, têgêse suksma mulus.
5. Patêmoning nyawa lan rahsa, iku dèn arani Suksma Jati, têgêse suksma nyata, dèn arani manèh suksma Rasa, têgêse suksma rahsa.
6. Patêmoning rahsa lan cahya, iku dèn arani Suksma Wisesa, têgêse suksma wênang.
7. Patêmoning cahya lan urip, iku dèn arani Suksma Kawêkas, têgêse suksma pungkasan.
Dene patêmoning suksma kabèh iku dadi Suksma Adi Luwih, têgêse suksma utama, yèn kumpul dadi Rêtna Intên Jumantên, iku ngibarating martabat Wachadiyat, campur dadi Sasra ludira, iku ngibarating martabat Wahdat, sampurna dadi Sotyaludira, iku ngibarating martabat Achadiyat, waluya dadi manik Maya gumilang tanpa wêwayangan, têgêse bali dadi Dzating nukat gaib, mulih marang azali abadi.
Bali amratelakake urut-urutaning namane Wahananing Dzat.
--- 56 ---
5. Napsu.
Kang kaping lima 'Napsu, têgêse angkara, iku sajatine iya amung sawiji, ananging dinamani dadi patang pasêbutan.
1. Napsu Luwamah, têgêse angangsa, darbe hawa amarakake dahga arip luwe sapanunggalane, wahanane wadhuk wahyane saka lesan, kasêbut dadi ngibarat kahananing ati kang asorot irêng, sampurnane anarik lêburing wulu kuku.
2. Napsu Amarah, têgêse sêrêng, darbe hawa amarakake angkara, panastèn dêduka sapanunggalane, wahanane ing ampêru, wahyane saka karna, kasêbut dadi ngibarat kahananing ati kang asorot-abang, sampurnane anarik lêburing kulit gêtih.
3. Napsu Sufiyah, têgêse mêlês, dinamani napsu Sufiyah, têgêse adrêng, darbe hawa amarakake murka, penginan pakarêman kabungahan sapanunggalane, wahanane ing lêlimpa, wahyane saka netra, kasêbut dadi ngibarat kahananing ati kang asorot kuning, sampurnane anarik lêburing daging otot.
4. Napsu Mutmainah, têgêse jinêm, darbe hawa amarakake loba, iya iku loba marang kautaman, kaya ta anglakoni puja tapa brata kang kalantur-lantur ora mawa watara, wahanane ing bêbalung, wahyane saka ing grana, kasêbut dadi ngibarat kahananing ati kang asorot putih, sampurnane anarik lêburing balung sungsum.
Dene manawa kapatitisake witing napsu iku saka utêk, dumunung ing ati dadi cipta, dumunung ing jantung dadi birahi, wêtune saka jantung banjur dadi nupus, katampan ing ati manèh banjur dadi anpas, anunggal lakuning gêtih banjur dadi tanapas, angambah marang maras banjur dadi napas, sumarambah ing jasad banjur amêtokake swara saka lesan, mula sangkaning cipta, birahi, nupus, anpas, tanapas, swara, iku padha mêtu saka hawaning napsu kabèh.
--- 57 ---
6. Akal.
Kang kaping nêm Akal, têgêse budi, iku sajatine iya amung sawiji ananging dinamani dadi limang pasêbutan, manawa kaetung dalah kang arangkêp nama dadi pitung pasêbutan, padha anartani marang ngibarat namaning ati, kadadiyane anunggal pasêbutan.
1. Budi Maknawi, iya ati maknawi, têgêse wahyaning budi.
2. Budi Sanubari, iya ati sanubari, têgêse wahananing budi.
3. Budi Suweda, iya ati suweda, têgêse woding ati, dadi ngibarat kahananing budi.
4. Budi Pu-at, iya ati pu-at, têgêse woding jajantung dinamani budi jaki, utawa ati jaki, têgêse ati suci, dadi ngibarat pramananing budi.
5. Budi Siri, iya ati siri, têgêse rahsaning ati, dinamani budi safi, utawa ati safi, têgêse ati wêning, dadi ngibarat pangrasaning budi.
Dene manawa kapatitisake pakartining budi iku diarani pancadriya, têgêse ati lima, iya iku pangawasa kang mêtu saka rahsaning budi, peperangane dadi têlung pangkat padha anglimang pakarti.
1. Diarani Karmendriya, têgêse purbaning budi, kaya ta: paningal, pamiyarsa, pangganda, pamirsa, pangrasa.
2. Diarani Antarendriya, têgêse antaraning budi, kaya ta: kêkêtêk, napas, kêdhèping netra, rasaning lidhah, kênyaming lambe.
3. Diarani Jayanendriya, têgêse wisesaning budi, kaya ta: karasaning kulit, parji, jubur, asta, sikil.
7. Jasad.
Kang kaping pitu Jasad, têgêse badan, iku sajatine iya amung sawiji, ananging dinamani dadi rong pasêbutan.
1. Jasad Turab, têgêse badan kadadiyan saka lêbu, dibasakake badan jasmani, iya iku badan wadhag.
2. Jasad Latip, têgêse badan alus, dibasakake badan rokhani, iya iku badan suksma.
--- 58 ---
Mungguh janjine badan wadhag karo badan alus iku ora kêna pisah, sangkan-parane anunggal kahanan sajati, upama satu munggwing rimbagan, ananging wêwangsulan, ing têmbe badan wadhag iku luluh sampurna ana sajroning badan alus, kalimputan dening Chayu daim, têgêse urip kang têtêp dumunung ing kahanan-kita pribadi, mula dipralambangi: warangka manjing curiga, têgêse badan wadhag dumunung sajroning badan alus, nalika badan wadhag isih dadi êmbanan, lambange: curiga manjing warangka, têgêse badan alus isih dumunung sajroning badan wadhag.
Pratikêle Angluluh Ing Badan Wadhag.
Dene pratikêle ing badan wadhag mau, saka wasiyat-dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana I, kêna kalanteh anglakoni tapa brata kaya ing ngisor iki.
1. Asesuci têgêse ditabêri adus esuk.
2. Angêngurangi dhahar, têgêse adhahara manawa bangêt luwe.
3. Angêngurangi ngunjuk, têgêse ngunjuka manawa bangêt kasatan.
4. Angêngurangi sare, têgêse, asareya manawa bangêt karipan.
5. Angarang-arangi pangandika, têgêse angandika manawa nganggo masa kala.
6. Anguda-uda sahwat, têgêse asahwata karo garwa manawa bangêt kangên.
7. Ambirat napsu, têgêse aja nganti angumbar hawa, angagêma budi trima, lila, têmên, utama.
Manawa wis bisa kalakon mangkono, anggêr ora kawistara, sarta dumunung ing asêpên, iya wa'llahu a'lam katarimane.
Dene manawa arêp waskitha dununging asêpên, iku sakaliring rupa-kita kapasrahêna marang kang adarbe rupa, sakaliring swara- kita kaulihêna [kau...]
--- 59 ---
[...lihêna] marang kang adarbe swara, paningal-kita, pamiyarsa-kita, pangganda-kita, pangrasa-kita, pamirsa-kita, padha kabalèkêna marang sangkane dhewe-dhewe.
Mungguh patrape anyidikake êninging rahsa, angawasake ênênging pancadriya, têgêse anglèrènake saniskaraning ngaurip kabèh, manawa wis bisa mangkono, iya iku bêbasan lungguh sarwa lumaku, lumaku karo andheprok, lumayu sarwa alinggih, ambisu karo carita, lunga sarwa aturu, turu karo amêlèk, kaya mangkono ngibarate.
--- 60 ---
Derah Wahananing Dzat
Ing ngisor iki amratelakake urut - urutane Wahananing Dzat kabèh.
[Grafik]
Dzat mutlak kang kadim azali abadi.
1. Chayu, têgêse urip, kasêbut atma.
2. Nur, têgêse urip, kasêbut pranawa.
3. Sir, têgêse rahsa, kasêbut pranama.[59]
4. Roh, têgêse nyawa, kasêbut suksma.
5. Napsu, têgêse angkara.
6. 'Akal têgêse, budi.
7. Jasad, têgêse badan.
--- 61 ---
Dene Dzat iku tanpa tuduhan, amung dumunung anarambahi ana sajroning urip-kita, ananging akèh kang padha katambahan, awit dening binasakake ora mawa jaman makam, têgêse ora arah ora ênggon, akantha tanpa warna tanpa rupa, asifat elok dudu lanang dudu wadon dudu wandu, dipralambangi: kombang angajab ing tawang, têgêse: kombang anglèng ana ing awang-awang, mula ing dalêm martabat kasêbut: la takyun, saka durung sanyata ing kahanane.
Dene Chayu iku minangka tajalining Dzat, awit kasorotan saka purbaning Dzat sajati, dipralambangi: kusuma anjrah ing tawang, têgêse: kêmbang tuwuh ana ing awang-awang, mula dalêm martabat kasêbut: takyun awal, dening wiwit sanyata ing kahanane.
Dene Nur iku minangka tajalining Chayu, iya iku dadi sasandaning urip, awit kasorotan saka wisesaning atma sajati, dipralambangi: tunjung tanpa tlaga, têgêse: kêmbang tarate urip ora mawa banyu mula ing dalêm martabat kasêbut: takyun sani, dening wis sanyata ing kahanane.
Dene Sir iku minangka tajaniling Nur, awit kasorotan saka wisesaning pranawa sajati, dipralambangi: isining wuluh wungwang, têgêse: ora kawistara isèn-isèning wuluh wungwang iku, mula dalêm martabat kasêbut: akyan sabita, dening sanyata têtêp ing kahanane.
Dene Roh iku minangka tajalining Sir, awit kasorotan saka wisesaning pramana sajati, dipralambangi: tapaking kuntul anglayang, têgêse: ora mawa labêt tapaking manuk kuntul anglayang iku, mula ing dalêm martabat kasêbut: kayan karijiyah, dening sanyata matu ing kahanane.
Dene napsu iku minangka tajalining Roh, awit kasorotan saka wisesaning suksma sajati, dipralambangi: gêni murub ing têlêng samudra têgêse: kaelokan urubing gêni ana sajroning banyu iku, mula ing dalêm martabat kasêbut: akyan mukawiyah, dening sanyata urip ing kahanane.
Dene Budi iku minangka tajalining Napsu, awit kasorotan saka wisesaning angkara sajati, dipralambangi: kuda ngêrap ing pandêngan,
--- 62 ---
têgêse: jaran anyandêr isih kinurung ana sajroning jajaran dadi upacasa surasane padha karo pralambang: lumpuh ngidêri jagad, mula ing dalêm martabat kasêbut: akyan maknawiyah, dening sanyata kawêdhar ing kahanane.
Dene jasad iku minangka Tajali Wahananing Sifat, dadi êmbanane para mudah kang wis kasêbut ing ngarêp mau, awit kalimputan dening pakumpulaning sorot, padha sumarambah amaratani salir anggotane badan jasmani kabèh, mula manawa isih jamaning sifat, dipralambangi: kodhok kinêmulan ing lèng, têgêse: kodhok iku ngibarating mudah kang ana sajroning jasad, êlèng iku ngibarating jasad sajabaning mudah iya iku kahananing Dzating Gusti isih kalimputan dening sifating kawula, dene manawa jamaning Dzat ing dêlahan, dipralambangi: kodhok angêmuli ing lèng, têgêse jasad gênti dumunung ana ing jêro, iya iku kahanane sifating kawula wis kalimputan dening Dzating Gusti, dadi para[60] tarik-tinarik têtêp-tênêtêpan, kaya ing ngisor iki derahe.
--- 63 ---
Derah Kahananing Dzat ing dunya lan ing dêlahan
Kodhok angêmuli ing lèng… Kodhok kinêmulan ing lèng
[Grafik]
Kahanane ing dunya… Kahanane ing akhirat
--- 64 ---
Dzating Gusti kang nguwasani ing atase turu tangi lan patining jasad-kita.
Balik mungguh Dzating Gusti iku kacèke karo kawula dening andarbèni pangawasa, wênang ambabar prabawa sarta anarik wêdharing gêlar kukudan.
Kaya umpamane manawa karkating jasad katarik ing pangrasaning budi, pangrasaning budi kairup ing hawaning napsu, hawaning napsu kasirêp dening wasesaning suksma, rêrêm sajroning Bait-al-makmur, banjur amuntu ing wiwaraning pramana, anglêrêp saniskaraning pancadriya mangka kaprabawa dening pangawasaning suksma anggêlar pangrasa, wahanane dadi turu kahananing jasad-kita, ing kono saka pangrasa katonton 'alaming ngimpi, kalaksanan saliring solah bawa kabèh.
Manawa pangawasaning suksma wis ambabar pancadriya sarta ambabar wiwaraning pramana, banjur angrêbdakake hawaning napsu anuwuhake pangrasaning budi nganti sumarambah ing jasad kabèh, ing kono wahanane dadi tangi kahananing jasad-kita, banjur wêruh manèh marang saniskara kang katonton ing 'alam dunya, mula dipralambangi: anênun sêntèg pisan anigasi, têgêse: lagi sadhela ing paningaling 'alam ngimpi banjur bisa wêruh kang katonton ing 'alam dunya manèh.
Kaya mangkono uga upamane mênawa karkating jasad katarik ing pangrasaning budi, pangrasaning budi kairup ing hawaning napsu, hawaning napsu kasirêp dening wisesaning suksma kakukud marang pangawasaning rasa, banjur luluh manjing ing dalêm pranawaning cahya, anunggal karo purbaning atma, mulih dadi sajatining Dzat kang mutlak kadim azali abadi, ing kono wahanane diarani mati kahananing jasad-kita, ananging satêmêne ora mati, amung ngalih panggonan bae, malah waluya uripe langgêng ana ing kahanan kang maha mulya, mula dipralambangi: tanggal pisan kapurnaman, têgêse: durung suwe tumitah ana ing 'alam dunya, banjur bisa bali manèh dadi
--- 65 ---
manusa kang sampurna sarta waskitha ing saniskara.
Pralambang - pralambanging ngelmu.
Ing mêngko anutugake urut-urute panunggalane pralambang kabèh, ananging têgêse, sakèhing para amarsudi ngelmu padha darbe panêmu dhewe-dhewe, bênêr luput aku amborongake ing dêduga prayogane, kaya kang kapratelakake ing ngisor iki.
1. Gigiring Punglu, têgêse gigiring mimis, iku ngibarat kaelokaning Dzat, dening ora arah ora ênggon, ing ngêndi sayêktining panggonane, sayêkti amung dumunung ana Dzating urip-kita.
2. Tambining Pucang, têgêse ngibarat kaelokane sifating Dzat, dening binasakake dudu lanang dudu wadon dudu wandu, kaya apa satêmêning sifate, sayêkti amung dumunung ana sifating urip-kita. Ana kang angarani tambining pucang iku lènging grana loro, saka pangira bokmanawa kaliru ing sêsurupan.
3. Wêkasaning langit, têgêse iku ngibarat wangênane soroting cahya, sumarambah tumêka ing sifat kita.
4. Wêkasaning samudra tanpa têpi, têgêse iku ngibarat wangênane pangawasaning rahsa, sumarambah tumêka ing sifat-kita.
5. Galihing kangkung, têgêse iku ngibarat wahananing suksma, dumunung ing kahananing sifat-kita.
6. Gêni sakonang angastake,[61] têgêse iku ngibarat hawaning napsu, wimbuh sajroning pancadriya-kita.
7. 'Manuk mibêr angukuli[62] langit, têgêse iku ngibarat rosaning budi, wimbuh sajroning af'al-kita.
8. Prau amot samudra, têgêse prau iku ngibarating jasad, samudra iku ngibarating ati sapanunggalane.
9. Angin katarik ing prau, têgêse iku ngibarat lakuning napas mêtu saka ing jasad.
10. Susuhing angin, têgêse iku ngibarat palèrènaning napas, dumunung ing jantung. Ana kang angarani susuhing angin iku rambut,
--- 66 ---
saka pangira bokmanawa kajupuk saka pamrayoga bae.
11. Bumi, kapêtak sajroning lêmah, têgêse iku ngibarating wujud-kita asal saka ing lêmah, ing têmbe kapêndhêm ing lêmah, iya iku wahanane dadi daging.
12. Amèk gêni adêdamar, padha karo: gêni ana sajroning gêni, utawa: gêni binasmi ing gêni, têgêse iku ngibarating wujud-kita asal saka ing gêni tansah andadèkake gêni, iya iku wahanane dadi napsu.
13. Barat katiyub ing angin, padha karo: angin angine prahara, têgêse iku ngibarating wujud-kita, asal saka ing angin, agung angingsêp angin amêtokake angin, iya iku wahanane dadi napas.
14. Angangsu pikulan banyu, padha karo: banyu ana sajroning bangu, têgêse iku ngibarating wujud-kita, asal saka banyu tansah kailènan banyu, iya iku wahanane dadi gêtih, mula ana kang ngarani banyu sajroning banyu iku gêtih.
15. Srêngenge pine, surasane padha karo: kaca angêmu srêngenge, têgêse iku ngibarat cahya kasorotan ing srêngenge, utawa srêngenge ana sajroning cahya, iya iku wahanane dadi pramananing netra.
16. Wiji ana sajroning uwit, uwit ana sajroning wiji, têgêse iku ngibarating kawula dumunung ana ing Gusti, Gusti dumunung ana ing kawula, dibasakake panglêburan papan tulis.
17. Kakanganing pambarêp, adhining wuragil, têgêse iku ngibarat martabat Insan-kamil, ing nalika tanajul, tiba ana wêkasan dhewe, barêng tarkine ing têmbe dadi wiwitan, mungguh Insan-kamil iku iya wahananing urip-kita pribadi.
18. Busana kancana rêtna ora ambosêni, sairib karo: busana wastra tanpa sèrèt, têgêse iku ngibarating jasad, busana kancana rêtna, wahanane dadi jasad ing jêro, busana wastra wahanane dadi kulit.
19. Tugu manik ing samudra, têgêse iku ngibarat panthênging cipta
--- 67 ---
anrus marang pêlênging paningal. Ana kang angarani, tugu manik iku kalam, bokmanawa saka pangira bae.
20. Sawanganing samudra rêtna, dadi ngibarating babu'l-arbab, têgêse korining Pangeran, iya iku hakekate palawanganing Dzat, dumunung ana ing babahan nawasanga sajroning jasad. Mungguh ing Kabuddane, sawanganing samudra rêtna, iku diarani: kori sela matangkêp, dadi ngibarat mêlar mingkusing maras, utawa mênga mingkêming lambe.
21. Samudra winotan kilat, dadi ngibarating wot siratalmustakim, têgêse dalan kang bênêr, iya iku hakekate pêsating atma tumêka ing khalarating Dzat. Ana kang angarani wot siratalmustakim iku hakekate wêtuning pamicara, iku padha pakolèhe.
22. Bale tawang gantungan, dadi ngibarating 'arasj kursi, têgêse 'arasj: padhaupan, iya iku hakekate pasewakaning Dzat, dumunung ana ing sirah utawa ing jaja, têgêsing kursi palênggahan, iya iku hakekate palênggahaning Dzat, dumunung ana ing utêk utawa ing jajantung.
23. Wiji tuwuh ing watu, dadi ngibarating lokh kalam, têgêsing lokh: papan, kasêbut lokhilmakful têgêse papan kang rinêksa, iya iku hakekate sifating Dzat, dumunung ana ing jasad, rinêksa ing malaekat Kiraman, têgêsing kalam: panyeretan,[63] iya iku hakekate wêjanganing Dzat, dumunung ana ing budi, tumuwuh ing angên-angên, rinêksa ing malaekat katibin.
24. Têngahing arah, dadi ngibarating mijan, têgêsing mijan: taraju, iya iku hakekate panimbanging Dzat, dumunung ana ing paningal, piyarsa, pangganda, pangrasa miwah pamirasa.
Ing saiki amung kajugag samono bae urut-urute panunggalaning pralambang kabèh, manawa kapratelakake ing satutuge tanpa wêkasan tur ora pati andadèkake prêlu ing surasane, dene manawa ana pralambang elok kang kagawe cangkriman, pradikane diwawasa saka ing dêduga prayoga kaya ing ngisor iki.
--- 68 ---
1. Sawarnane kang binasakake: gêdhe, amba, dawa, dhuwur, luwih, sapanunggalane iku dadi ngibarate Ananing Dzat.
2. Sawarnane kang binasakake: cilik, ciut, cêndhak, êndhèk, kurang, sapanunggalane iku dadi ngibarate wahanane sifat.
Upama unèn-unèn: Bothok banthèng winukus[64] ing godhong asêm, kabitingan ing alu bengkong, iku pradikane: bothok bantèng dadi ngibarating Ananing Dzat, godhong asêm dadi ngibarat Wahananing Sifat, alu bengkong dadi ngibarat Kahananing af'al kabèh, mungguh dununge mangkene: Ananing Dzat kita iku awarna Wahananing sifat-kita, tandha ing solah-bawa-kita, nanging wardine kang sajati iku ora prayoga manawa kagawe rêrasanan ing akèh, kinane kawicarakake amung kalayan kang wis bakal tunggal ngelmu, sarta kang wis katuwuhan dêduga, têgêse wis liwat têngah tuwuh, manawa kawicarakake marang kang durung darbe dêduga mundhak kadhinginan tuwuh, amarga durung dumunung wahananing tumuwuh, lire kaya wirayating para sêpuh, ingatase wong urip iku awit saka lair tumêka ing sabanjure, awiyos katuwuhan iradating Dzat kaping rolas, ing dalêm satuwuhan antara nêm taun, kaya kang kapratelakake ing ngisor iki.
Tuwuhe Iradating Dzat.
1. Awit saka lair tumêka 6 taun, katuwuhan lali, têgêse durung èngêt.
2. Awit 'umur 7 taun tumêka 12 taun, katuwuhan èngêt.
3. Awit 'umur 13 tumêka 18 taun, katuwuhan budi.
4. Awit 'umur 19 tumêka 24 taun, katuwuhan birahi.
5. Awit 'umur 25 tumêka 30 taun, katuwuhan murka.
6. Awit 'umur 31 tumêka 36 taun, katuwuhan wiweka.
7. Awit 'umur 37 tumêka 42 taun, katuwuhan dêduga.
8. Awit 'umur 43 tumêka 48 taun, katuwuhan santosa.
9. Awit 'umur 49 tumêka 54 taun, katuwuhan rumasa.
10. Awit 'umur 55 tumêka 60 taun, katuwuhan wirangi.
--- 69 ---
11. Awit 'umur 61 tumêka 66 taun, katuwuhan jatmika.
12. Awit 'umur 67 tumêka 72 taun, katuwuhan pêpêka.
Dene luwihe saka iku adat katuwuhan lali manèh, têgêse asring-asring kalalèn, mungguh pratikêle supaya aja nganti katuwuhan lali manèh, iku amung anyêgaha napsu hawa, sabab sajatine kang dadi laranganing ulah ngelmu kasampurnan iku amung napsu, manawa bisa ambirat napsu, 'adat kadunungan ati awas emut, tamtu nêmu kamulyan ing sangkan - paran, iku aku anyumanggakake ing panggalih, sarèhne aku durung bisa anglakoni dhewe, dadi amung atur pêpuji bisane kalakon olèh kamulyan bae.
Tandha bakal katêkan Bangas sawise cêdhak dina Kiyamat.
Ing wasanane amratelakake riwayating hadist, manawa wis cêpak dina kiyamat, ing kono ana kang dadi tandha bakal katêkan Bangas, têgêse utusane Pangeran Kang Amaha Suci, andhawuhake janji marang 'alam dunya awiyos, warna malaekat Jabarail, kinèn amundhut sapuluh pangkat, kaya kang kasêbut ing ngisor iki.
1. Amundhut bêrkating bumi, iku manawa isbating wujud-kita, dadi ngibarat sudaning rupa warna.
2. Amundhut 'adiling ratu, iku manawa isbating wujud-kita dadi ngibarat owahing paningal, pamiyarsa, pamirasa.
3. Amundhut lomaning sugih arta, iku manawa isbating wujud-kita, dadi ngibarat larading gêtih, mani, sapanunggalane.
4. Amundhut wirangining pandhita, iku manawa isbating wujud-kita dadi ngibarat gingsiring budi.
5. Amundhut nastapaning awrêdha, iku manawa isbating wujud-kita dadi ngibarat wimbuhing dahganing napsu Luwamah tandha bakal lêrêp.
6. Amundhut sabaring sudra, iku manawa isbating wujud-kita, dadi ngibarat wimbuh angkaraning napsu Amarah tandha bakal sirêp.
--- 70 ---
7. Amundhut sih-ing kadang warga, iku manawa isbating wujud-kita dadi ngibarat wimbuh murkaning napsu Sufiah tandha bakal rêsêm.
8. Amundhut wiranging pawèstri, iku manawa isbating wujud-kita dadi ngibarat wimbuh lobaning napsu Mutmainah, tandha bakal sidhêm pramanêm.
9. Amundhut imaning mukmin, iku manawa isbating wujud-kita dadi ngibarat gingganging suksma.
10. Amundhut sastraning Kuran, iku manawa isbating wujud-kita, dadi ngibarat sunyaning rahsa.
Manawa wis sunya rahsane, iku tandha wis kawistara ing panêngêran; mungguh dununging panêngêran iku rong pangkat, kang sapangkat, anuduhake panêngêran saka paningal-kita pribadi, kaya kang wis kasêbut ana sajroning Wirid kabèh, rong pangkate, anuduhake panêngêran kang kawistara ing paningal marang liyan, kapratelakake ing ngisor iki.
1. Manawa kawawas wis darbe lageyan kang owah saka adate, utawa bali kaya lageyane nalika isih bocah, iku tandha bakal alihan, têgêse wis mèh katêkan Bangas.
2. Manawa kawawas wis sunya matine, utawa ulate wis pucêt, wêwayangan sajroning netra wis oncat, kêdhèpe wis lèrèn, alise wis têpung, kêtete[65] wis sêpên, badan anyêp wis kambu kandaning[66] sawa, iku kang kawawas mau tandha wis tumêka ing janji angalih marang panggonan kang maha mulya, anunggal karo kahananing Dzat-kita Suci, iku sumangga ing panampane, amung atur pamujiku kang muga-muga bisaa anampani ing surasaning ngelmu kabèh, sabab Daliling ngelmu mangkene jarwane.
Gêdhe-gêdhening dosa iku wong ulah ngelmu makrifat. Têgêse, manawa wong ulah ngelmu makrifat iku katanggungan, awit saka durung kabuka ing pambudi, tamtu dadi dosa gêdhe, amarga ora sumurup ing surasane.
Dene manawa kang wis têrang bisa anampani kabèh iku, têmtu dadi kamulyaning sangkan-paran, têgêse ing awal akhir ora ana sangsayaning [sang...]
--- 71 ---
[...sayaning] jiwa raga sabab kang kasêbut ing Hadist, mangkene jarwane:
Sapa kang sumurup ing Pngerange[67] tamtu iya sumurup marang badane, Sapa kang uninga marang badane, tamtu iya uninga ing Pangerane. Têgêse, kang sumurup ing Pangerane iku, iya kang sumurup ing surasaning ngelmu makrifat kabèh, têgêse kang uninga marang badane iku, iya kang bisa anguningani marang uriping jiwa-ragane dhewe, aja nganti kalabêtan kang dadi bekaning ngaurip, kaya riwayating Hadist, mangkene jarwane.
Bekaning ngaurip lan Tapaning ngaurip.
Mungguh bekaning ngaurip iku wiyose dadi rong pangkat, kang sapangkat diarani bekaning jiwa, kèhe limang warna, 1: angumbar napsu hawa, 2: ambabar suka rênaning karsa, 3: anggêlar ambêk angkara murka, 4: amêdhar watak dora paracidra, 5: anuruti budi pitnah panganiaya; kang sapangkat manèh diarani bekaning raga, kèhe iya limang warna, 1: ulah carobo, 2: laku nistha, 3: tingkah dêgsura, 4: sarwa kêsèd sungkanan, 5: lumuh nastapa puja brata.
Wiyose riwayating Hadist iku, manawa kalabêtan beka kaya kang kasêbut ing dhuwur mau, saka 'adat luwange asring andadèkake ora widada ing uripe, mula manawa bisa suminggah saka sakèhing beka iku, tamtu andadèkake prayoga lulus raharja ing uripe, luwih utama manawa bisa anglakoni kang dadi kawajibane tapaning ngaurip sarta jakate pisan, kaya ing ngisor iki pratelane.
1. Badan, tapane patrap anor anuraga, jakate tabêri ulah panggaweyan bêcik.
2. Ati utawa budi, tapane anarima, jakate sêpên saka pangira ala.
3. Napsu, tapane rila, jakate sabar ing coba bilahi sarta angapura ing kaluputan.
4. Nyawa, tapane têmên, jakate ora dahwèni munasika.
5. Rahsa, tapane utama, jakate mênêng analangsa.
6. Cahya, tapane suci, jakate êning.
--- 72 ---
7. Atma, tapane awas, jakate emut.
Anjabane saka iku ana manèh kang wênang ditapani utawa kajakatan, kaya ing ngisor iki pratelane.
1. Netra, tapane anyêgah sare, jakate lumuh aningali ing kamelikan.
2. Karna, tapane anyêgah napsu hawa, jakate lumuh amiyarsa para padu.
3. Grana, tapane anyêgah ngunjuk, jakate lumuh angingsêp alaning liyan.
4. Lesan, tapane anyêgah dhahar, jakate lumuh angrasani wong-wong.
5. Parji, tapane anyêgah sahwat, jakate lumuh panggawe jina bêbandrèkan.
6. Asta, tapane anyêgah colong calimut, jakate lumuh amaratangan.
7. Suku, tapane anyêgah lumaku panggawe ala, jakate atabêri lêlaku istirakatan.
Manawa kalakon mangkono tamtu kasêbut janma utama, mula ana bêbasan saka wasiyate Kangjêng Susuhunan ing Ngampèldênta, kang kadhawuhake marang para putra wayah kaya ing ngisor iki.
1. Turuwa yèn arêp napsu; têgêse, manawa rumasa arêp mêtu napsune kasamura turu.
2. Napsuwa yèn arêp pêrang; têgêse, manawa arêp pêrang karo mungsuh diwanèk-wanèkake wêtuning napsu.
3. Pêranga yèn arêp mangan; têgêse, manawa karasa luwe bangêt arêp mangan, kasayutana kaya mangsa prangsalsabil.[68]
4. Mangana yèn arêp lumaku; têgêse, manawa arêp lêlungan adoh, asarapana dhahar ing sawatara.
5. Lumakuwa yèn arêp turu; têgêse, manawa karasa arip arêp sare, sinamura kanggo mlaku-mlaku.
Manawa dhèk isih jaman Buddha ana bêbasan mangkene.
1. Sabêcikane turu bêcik mêlèk.
--- 73 ---
2. Sabêcikane mêlèk bêcik tangi.
3. Sabêcikane tangi bêcik alungguh.
4. Sabêcikane lungguh bêcik angadêg.
5. Sabêcikane angadêg bêcik lumaku-lumaku[69]
Ora susah mawa katêgêsan, tamtu wis padha sumurup liding bêbasan iki, sumangga ênggone angrasakake.
Dene pakolèhe tapa iku amung laku kang ora kawistara, iya iku tansah prayitna ing uripe, kaya ta: obahing badan kudu angarah-arah, kedaling lesan kudu angarih-arih, êmpane mawa papan, patrape kanthi dêduga prayoga, tumanduk panimbang sawatara, tumindak kalayan rêringa, têgêse angon wahyaning masa kala, kang pantês tiba ing sambawa kalayan sambada.
Manawa wis bisa anglakoni mangkono, tamtu lulus ing solah-bawane, kayumanan ing sakarsane, dadi kasêbut janma patrap, kêna tinulad ing kautamane, sabab ana bêbasan kaya ing ngisor iki.
Panutup mawa sandi Atma
Rongkot-rungkuding badan, kalingan dening solah susila; garap-gangsuling lesan, kalingan dening gêlêm angalah wicara; warna ala, kalingan dening ati sarèh; sifat kuciwa, kalingan dening nitya sumèh; taliti sudra, kalingan dening bèr-budi bawa-lêksana. Mungguh kang binasakake rongkot-rungkuding badan iku manawa carobo dhêmên anganggo sandhangan kusut, garap-gangsuling lesan iku manawa kasaluru ing ujar saru, warna ala iku kang ora sambada, sifat kuciwa iku kang darbe cacad, taliti sudra iku têdhaking wong cilik, samono iku masa borong ing panganggo, aku drêma amêdharake bae, sarèhne durung bisa anglakoni dhewe, dadi amung atur pêpuji marang kang kasdu amarsudi, muga-muga padha bisaa anglakoni saka olèh parmaning Pangeran kang asifat murah ing dunya asih ing akhirat.

Tidak ada komentar:

Poskan Komentar