Minggu, 08 September 2013

Dzat

DERAH WAHANANING DZAT
7 Votes
Ing ngisor iki amratelakake urut-
urutane Wahananing Dzat kabeh.
Dzat mutlak kang kadim azali abadi.
1.Chayu, tegese urip, kasebut atma.
2.Nur, tegese cahya, kasebut pranawa.
3.Sir, tegese rahsa, kasebut pramana.
4.Roh, tegese nyawa, kasebut sukma.
5.Napsu, tegese angkara.
6.Akal, tegese budi.
7.Jasad, tegese badan.
Dene Dzat iku tanpa tuduhan, amung
dumunung ana rambahi ana sajroning
urip kita, ananging akeh kang pada
katambuhan, awit dening binasakake
ora mawa jaman makam, tegese ora
arah ora enggon, akanta tanpa warna
tanpa rupa , asifat elok dudu lanang
dudu wadon dudu wandu,
dipralambangi : ”Kombang angajap ing
tawang ”, tegese : kombang angleng
ana ing awang-awang, mula ing dalem
martabat kasebut : la takyun , saka
durung sanyata ing kahanan.
Dene Cahyu iku minangka tajalining
Dzat, awit kasorotan saka purbaning
Dzat sejati, dipralambangi : ” Kusuma
anjarah ing tawang ”, tegese : kembang
tuwuh ana ing awang-awang, mula ing
dalem martabat kasebut : takyun awal ,
dening wiwit sanyata ing kahanane.
Dene Nur iku minangka tajalining
Chayu, iya iku dadi sesandaning urip,
awit kasorotan saka wisesaning atma
sajati, dipralambangi : ”Tunjung tanpa
talaga”, tegese : kembang terate urip
ora mawa banyu, mula ing dalem
martabat kasebut : takyun sani , dening
wis sanyata kahanane.
Dene Sir iku minangka tajalining Nur,
awit kasorotan saka wisesaning
pramana sajati, dipralambangi :
” Isining wuluh wungwang”, tegese :
ora kawistara isen-isening wuluh
wungwang iku,mula ing dalem
martabat kasebut : akyan sabitah,
dening sanyata tetep ing kahanane.
Dene Roh iku minangka tajalining Sir,
awit kasorotan saka wisesaning
pramana sajati, dipralambangi :
” Tapaking Kuntul anglayang”, tegese :
ora mawa labet tapaking manuk kuntul
anglayang iku, mula ing dalem
martabat kasebut : akyan kajariyah,
dening sanyata metu ing kahanane.
Dene Napsu iku minangka tajalining
Roh, awit kasorotan saka wisesaning
sukma sajati, dipralambangi : ”Geni
murub ing teleng samudra ”, tegese :
kaelokan urubing geni ana sajroning
banyu iku, mula ing dalem martabat
kasebut : akyan mukawiyah, dening
sanyata urip ing kahanane.
Dene Budi iku minangka tajalining
Napsu, awit kasorotan saka
wisesaning angkara sajati,
dipralambangi : ” Kuda ngerap ing
pandengan ”, tegese : jaran anyander
isih kinarung ana sajroning jajaran
dadi upacara, surasane pada karo
pralambang : lumpuh angideri jagad,
mula ing dalem martabat kasebut :
akyan maknawiyah , dening sanyata
kawedar ing kahanane.
Dene Jasad iku minangka tajaline
Wahananing sifat, dadi embane para
mudah kang wis kasebut ing ngarep
mau, awit kalimputan dening
pakumpulaning sorot, pada
sumarambah amaratani salir
anggaotaning badan jasmani kabeh,
mula manawa isih jamaning sifat,
dipralambangi : ”Kodok kinemulan ing
leng”, tegese : kodok iku ngibarating
mudah kang ana sajroning jasad,
eleng ing ngibarating jasad sajabaning
mudah, iya iku kahaning Dzating Gusti
isih kalimputan dening sifating
kawula, dene manawajamaning Dzat
ing delahan, dipralambangi : ” Kodok
angemuli ing leng ”, tegese : jasad
genti dumunung ana ing jero, iya iku
kahanane sifating kawula wis
kalimputan dening Dzating Gusti, dadi
pada tarik-tinarik, tetep-tinetepan,
kaya ing ngisor iki dasare.
DERAH KAHANANING DZAT ING
DUNYA LAN ING DELAHAN (ACHIRAT)
Kodok kinemulan ing Leng —— Kodok
angemuli ing Leng
Kahanane ing Dunya —– Kahanane ing
Achirat
DZATING GUSTI KANG NGUWASANI
ING ATASE TURU TANGI LAN
PATINING JSAD KITA
Balik mungguh Dzating Gusti iku
kaceke karo kawula dening adanbeni
pangawasa, wenang ambabar prabawa
sarta anarik wedaring gelar kukudan.
Kaya upamane manawa karkating
jasad katarik ing pangrasaning budi,
pangrasaning budi kairup ing
hawaning napsu, hawaning napsu
kasirep dening wisesaning suksma,
rerem sajroning Bait al makmur,
banjur amuntu ing wiwaraning
pramana, anglerep saniskaraning
pancadriya, mangka kaprabawa
dening pangawasaning suksma
anggelar pangrasa, wahanane dadi
turu kahananing jasad kita, ing kono
saka pangrasa katonton alaming
ngimpi, kalaksanan saliring saloh
bawa kabeh.
Manawa pangawasaning suksma wis
ambabar pancadriya sarta ambabar
wiwaraning pramana, banjur
angredakake hawaning napsu,
anuwuhake pangrasaning budi nganti
sumarambah ing jasad kabeh, ing
kono wahanane dadi tangi kahananing
jasad kita, banjur weruh maneh
marang saniskara kang katon ing alam
dunya, mula dipralambangi : anenun
senteg pisan anigasi tegese : lagi
sadela ing paningaling alam ngimpi
banjur bisa weruh kang katonton ing
alam dunya maneh.
Kaya mangkono uga umpamane
manawa karkating jasad katarik ing
pangrasaning budi, pangrasaning
bbudi kairup ing hawaning napsu,
hawaning napsu kasirep dening
wisesaning suksma, wisesaning
suksma kakukud marang
pangawasaning rahsa, banjur luluh
manjing ing dalem pranawaning
cahya, anunggal karo purbaning atma,
mulih dadisajatining Dzat mutlak kang
kadin azali abadi, ing kono wahanane
diarani matri kahananing jasad kita,
ananging satemene ora mati, amung
ngalih panggonan bae, malah waluya
uripe langgeng ana ing kahanan kang
maha mulya, mula dipralambangi :
tanggal pisan kapurnaman tegese :
durung suwe tumitah ana ing alam
dunya, banjur bisa bali maneh dadi
manungsa kang sampurna sarta
waskita ing saniskara.

Tidak ada komentar:

Poskan Komentar