Minggu, 08 September 2013

Serat hidayat jati

SERAT HIDAYAT JATI
8 Votes
Wejangan ke-1 Ananing Dat.
Sajatine ora ana apa-apa awit duk
maksih awang-uwung durung ana
sawiji-wiji, kang ana dhingin Ingsun,
sajatine kang maha suci anglimputi
ing sipatIngsun, anartani ing
asmanIngsun, amratandhani ing
apngalIngsun.
Wejangan ke-2 Wahananing Dat.
sajatine Ingsun dat kang amurba
amisesa kang kawasa anitahake
sawiji-wiji, dadi sanalika, sampurna
saka kodrat Ingsun, ing kono wus
kanyatan pratandhaning apngalIngsun
kang minangka bebukaning
iradatIngsun, kang dhingin Ingsun
anitahake kayu aran sajaratulyakin
tumuwuh ing sajroning alam
ngadammakdum ajali abadi. Nuli
cahya aran nur muhammad, nuli kaca
aran mirhatulkayai, nuli nyawa aran
roh ilapi, nuli damar aran kandil, nuli
sesotya aran darah, nuli dhindhing
jalal aran kijab. Iku kang minangka
warananing kalaratIngsun.
Wejangan ke-3 Kahananing Dat.
Sajatine manungsa iku rahsanIngsun
lan Ingsun iku rahsaning manungsa,
karana Ingsun anitahake adam asal
saka anasir patang prakara, bumi,
geni, angin, banyu. Iku kang dadi
kawujudaning sipat Ingsun, ing kono
Ingsun panjingi mudah limang prakara,
nur, rahsa, roh, napsu, budi. Iya iku
minangka warananing wajah Ingsun
kang maha suci.
Wejangan ke-4 Pambukaning tata
malige ing dalem betalmakmur.
sajatine Ingsun anata malige ana
sajroning betalmakmur, iku omah
enggoning parameyanIngsun,
jumeneng ana sirahing Adam. Kang
ana sajroning sirah iku dimak, yaiku
utek, kang ana antaraning utek iku
manik, sajroning manik iku budi,
sajroning budi iku napsu, sajroning
napsu iku suksma, sajroning suksma
iku rahsa, sajroning rahsa iku Ingsun,
ora ana Pangeran anging Ingsn, dat
kang nglimputi ing kaanan jati.
Wejangan ke-5 Pambuka tata malige
ing dalem betalmukarram.
sajatine Ingsun anata malige sajroning
betalmukarram, iku omah enggoning
lalaranganIngsun, jumeneng ana ing
dhadhaningg adam. Kang ana
sajroning dhadha iku ati, kang ana
antaraning ati iku jantung, sajroning
jantung iku budi, sajroning budi iku
jinem , yaiku angen-angen, sajroning
angen-angen iku suksma, sajroning
suksma iku rahsa, sajroning rahsa iku
Ingsun. Ora ana pangeran anging
Ingsun dat kang anglimputi ing kaanan
jati.
Wejangan ke-6 Pambuka tata malige
ing dalem betalmukadas.
sajatine Ingsun anata malige ana
sajroning betalmukadas, iku omah
enggoning pasucenIngsun, jumeneng
ana ing kontholing adam. Kang ana
sajroning konthol iku prinsilan, kang
ana ing antaraning pringsilan ikku
nutpah, yaiku mani, sajroning mani iku
madi, sajroning madi iku wadi,
sajroning wadi iku manikem, sajroning
manikem iku rahsa, sajroning rahsa
iku Ingsun. Ora ana pangeran anging
Ingsun dat kang anglimputi ing kaanan
jati, jumeneng sajroning nukat gaib,
tumurun dadi johar awal, ing kono
wahananing alam akadiyat, wahdat,
wakidiyat, alam arwah, alam misal,
alam ajsam, alam insan kamil,
dadining manungsa sampurna yaiku
sajatining sipatIngsun.
Wejangan ke-7 Panetep santosaning
iman.
Ingsun anekseni satuhune ora ana
Pangeran anging Ingsun lan anekseni
Ingsun satuhune muhammad iku
utusan Ingsun.
Wejangan ke-8 Sasahidan Ingsun.
anekseni ing DatIngsun dhewe,
satuhune ora ana Pangeran anging
Ingsun, lan anekseni Ingsun satuhune
muhammad iku utusanIngsun. Iya
sejatine kan aran Allah iku
badanIngsun, rasul iku rahsaNingsun,
muhammad iku cahayaNingsun. Iya
Ingsun kang urip tan kena ing pati, iya
Ingsun kang eling tan kena ing lali, iya
Ingsun kang langgeng ora kena owah
gingsir ing kaanan jati, iya Ingsun
kang waskitha, ora kasamaran ing
sawiji-wiji. Iya Ingsun kang amurba
amisesa, kang kawasa wicaksana ora
kekurangan ing pakerthi, byar
sampurna padhang terawangan, ora
karasa apa-apa, ora ana katon apa-
apa, amung Ingsun kang anglimputi
ing alam kabeh kalawan kodratIngsun.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar