Kamis, 30 Mei 2013
sankan paraning dumadi
41 TAHUN AGUNG PAMBUDI KEDIRI 10-06-1972- BATAVIA 10-06-2013
.1.BAYI UMUR 1.WULAN AKSORONE (DJO) disebut NUKAT GHAIB,banyune nurmani,segarane layar putih,gedhonge KUMOLAH arane RIRIS TANGIS.
Aku umur 2 wulan badan wadagku ujudte wis pating grendul,ibu banju4 gawe jenang grendul/jenang sapar/kang yektine diarani SAPARAN...
2.BAYI UMUR 2 WULAN AKSORONE (Y0)di sebut KOAT GHAIB, banyune nur buat,segarane r...ante arane KISMO DJATI.
Sakwise 3 wulan anggonku yoso badan wadag,badan wadagku wis wuujud cengkoronggan,yoiku . 1sirah 2.gembung 3.tangan. 4.sikil 5..mripat 6.tutuk. 7.kuping 8.irung 9.wadi.yo wis katon.dene papan (kraton) telu ugo wis dadi kang disebut. 1.GIRI LOKA. 2.HENDRO LOKA. 3.JANALOKA. ibu banjjur slametan TELONAN kang artine KRATONKU TELUNG PANGGONAN WIS DADI yoiku kapernah DUWUR,TNGAH.LAN NGISOR.(UTEG,ATI,LAN WADI)...
3.BAYI UMUR 3 WULAN AKSORONE (NYO) disebut RIDJALOLAH GHAIB,banyune NUR ROSO,segarane KUMOLAH , arane HYANG WIDHI.
4.BAYI UMUR 4 WULAN AKSORONE (MO) disebut RIKMO DJATI.banyune NUR KUMORO DJATI,SEGORONE BINDARI SUCI ,ARANE SANG HYANG ADJI.
5.BAYI UMUR 5 WULAN AKSORONE (GO) disebut DJO KUMOLO , banyune NUR KISMOYO, segarane IMOLOYO, arane SANG HYANG BRAHMO wujude SEDULUR 5(LIMO).
6.BAYI UMUR 6 WULAN AKSORONE (BO) disebut ROSO HENDRO MOYO,banyune NUR CAHYO,segarane KUMORO DHANU, arane MANU MANINGKEM MANUNGGALE KAWULO LAN GUSTI WUJUDE ROSO 6 (NEM)PRAKORO.
Hm ..hehehe yo wes yuk di lanjutkan lagi....suwe2 dungkap 7 wulan aku yoso omah cagak papat lawang songo wis dadi,ugo komlit ubo rampene arupo. 1.. balung 2.sungsum 3.otot 4.getih ...5.daging 6.kulit 7.wulu.ibu banjur gawe tenger reno pitu.kang sabanjure diarani PITONAN (LINGKEPAN) artine alat-alate omahhku pitung warno wis jangkep/kenno diarani bumi lapis pitu cagak papat lawange songo....
7.BAYI UMUR 7 WULAN AKSORONE (THO) disebut WARINGIN SUNGSANG banyune TALI ROSO,ROSO TALI,segarane segoro MADU NIRMOLO,arane HERU SETO DJINGGO MOYO DJATI. wujude KAWAH- ARI ARI.
8.BAYI UMUR 8 WULAN AKSORONE (NGO) disebut MAYANG KUMORO SARI, banyune MANIK GITO,segarane CUPU PURBO MISESO arane DJONO LOKO DJATI,wujude KAKANG MBAREP ADINE WURAGIL.
Aku umur 9 wulan .ibu gawe bubur procot apem lan gedang kang diarani PROCOTAN LAN MEGENGAN. procotan tegese: lahirku karebpe ben gangsar procot ora ono alangan sawiji opo. megengan tegese: duk naliko aku arep lahir uwal soko ibu,tansah MEGENG NAPAS.sak teruse tangggal 1 poso slametan MEGENGAN,GEDANG APEM. URIP kang ono badan wadag iku dununge ono ing TELENGE ATI..,kang kuwoso murbo amiseso omahku (jagad cilik).sak banjure tanggal 1 syawal ibu kurban sego punar,sing di arani SYAWALAN.tegese:aku wis uwal soko guwo garba dadi utusane GUSTI nindakake wajib'e URIP ono ing alam gumelar.
wiwit ono kadutane ibu nganti teko dino kelahiran mau,ugo isih duwe panguwoso jogo lan nylametake badan wadagku,semono ugo aku isih nguwasanii trimurti (GIRI LOKA,HENDRO LOKA,JANALOKA). bareng wis 5 dino utowo sepasar,panguwasaku kang ono GIRI LOKA di endih dene sadulurku papat limo pancer,kang kedadeyan soko cahyo patang prakoro,dewek'e nglungguhi ono ing KUPING,MRIPAT,IRUNG,LAN CANGKEM,anguwasani lawangan pitu(7)kang ono GIRILOKA.YOIKU BOLONGAN KUPING 2,MRIPAT2.IRUNG2.CANGKEM 1.LAN YEN ONO ING TOTO LAHIR DIARANI DINO PITU.
dewek'e duwe pangroso 5 prakoro iarani PONCO DRIYO.yoiku
1.pamireng
2.paningal
3.pangggondo
4.pangucap
5.pamikir...ing toto lahir diarani PASARAN LIMO.
sak banjur mlebu kumpul dadi siji ono ing kratone ROSO,ono ing HENDROLOKA,mapan ono sakjeroning ATI SANUBARI .BARENG AKU UMUR 35 DINO IBU KURBAN SEGO TUMPENG LAN IWEL2 diarani SELAPANAN.tegese:panguuwas
bareng aku umur 105 dino ibu ugo kurban sego tumpeng lan iwel-iwel diarani TELUNG LAPAN,tegese: panguwasaku ono ing telu2ne atunggal yo iku (CIPTO,ROSO,KARSO) wis di kuwasani karo PONCODRIYO.
yo wiwit dino iku aku wis ora duwe panguwoso babar ppisan,wiwit soko kraton 3 tekan badan wadag lapis pitu(7) wis di aku kabeh dening sedulur papat limo pancer,kahananku banjur soyo ambles manjero.mapan ono ing TELENGE ATI SANUBARI,dene omahku di enggoni lan di kuwasani,di atur olan dijogo dewe deneg seduluur papat limo pancer.
koyo mangkono kahananku aku tansah urip kablenggu dening sedulurku dewe,.aku tansah urip kablenggu dening sedulurku dewe,papanku rumit banget ,panguasaku mung kari kanggo nguripi badan wadag,tujuanku urip kanggo memayu hyuning bawono ilang babar pisan ..kamongko ing tembe ..aku kudu nanggung jawab ake dewe marang GUSTI KANG MOHO KUWOSO...
9 .BAYI UMUR 9 WULAN AKSORONE (JI-WO) disebut HENDRO LOKO DJATI banyune NUR TIRTO MOYO,segarane TANPO TEPI arane SASTRO JENDRO YUNINGRAT WUJUDE SADAD TANPO SABDU.
banjur bayi lahir BYAR PADHANG.DJAGAT GUMELAR WUJUDE LINTANG DJOHAR DUMADI INGSUN...KANG ARAN AGUNG PAMBUDI...LAHIR ING DESA BANGSAL KECAMATAN PESANTREN KEDIRI ..
Tanggal Kelahiran
Tanggal Masehi: 10 Juni 1972, Sabtu SaniscaraTanggal Jawa: 27 Bakda Mulud 1904, Setu Kliwon
Tanggal Hijriah: 27 Rabiul Akhir 1392
Dina, Pasaran: Setu, Kliwon
Windu, Lambang: Adi, Kulawu
Warsa: Be
Wuku: Kuningan
Môngsô: Karolas-Asuji (12/05 s/d 11/06)
Sadwårå/Paringkêlan: Mawulu
Haståwårå/Padewan: Brama
Sångåwårå/Padangon: Dadi
Saptåwårå/Pancasuda: Tunggak Semi
Rakam: Sanggar Waringin
Paarasan: Lakuning Bumi
Perwatakan berdasarkan Weton dan Wuku
Tanggal Masehi:10 Juni 1972, Sabtu SaniscaraTanggal Jawa:27 Bakda Mulud 1904, Setu KliwonTanggal Hijriah:27 Rabiul Akhir 1392Watak berdasarkan weton
Dina:SetuMembuat orang merasa senang, susah ditebak.Pasaran:Kliwon
Pandai bicara dan bergaul, periang, ambisius, urakan, kurang bisa membalas budi, setia pada janji, ceroboh memilih makanan, banyak selamat dan doanya.Haståwårå/Padewan:Brama
Tidak sabaran, emosional.Sadwårå:Mawulu
(Benih) Was-was dan curiga.Sångåwårå/Padangon:Dadi
(Kayu) Berselera tinggi dan tidak mau dilebihi orang lain.Saptåwårå/Pancasuda:Tunggak Semi
Rejekinya selalu ada, akan habis tetapi mendapatkan lagi.Rakam:Sanggar Waringin
Teduh hatinya, suka memberi perlindungan.Paarasan:Lakuning Bumi
Melindungi, mengasuh, sabar, mengalah.
Watak berdasarkan wuku
Wuku : Kuningan- Dewa Bumi : Bethara Indra.
- Pohonnya Wijayakusuma : Rupawan.
- Burungnya Urang-urangan : kikir.
- Kuningan pinuteja : tercerahkan, selamat.
- Aralnya : diamuk / dikeroyok.
- Sedekah / sesaji : Sega punar dang-dangan beras senilai zakat fitrah, lauknya rancaban serba digoreng.
- Do'anya : selamat kabul, slawatnya : uang baru 25 ketheng.
- Kala Jaya Bumi : ada di barat menghadap ke timur. Saat wukunya berjalan selam 7 hari, sebaiknya menghindari bepergian menuju arah barat.
- Kuningan tata paruthul : Gersang, jangan menanam pohon yang diambil kayunya.
- Wuku Kuningan baik untuk menjalin persaudaraan, mecari nafkah, menolong orang.
Hidayat jati
SERAT HIDAYAT JATI
7 Votes
Wejangan ke-1 Ananing Dat.
Sajatine ora ana apa-apa awit duk
maksih awang-uwung durung ana sawiji-
wiji, kang ana dhingin Ingsun, sajatine
kang maha suci anglimputi ing
sipatIngsun, anartani ing asmanIngsun,
amratandhani ing apngalIngsun.
Wejangan ke-2 Wahananing Dat.
sajatine Ingsun dat kang amurba
amisesa kang kawasa anitahake sawiji-
wiji, dadi sanalika, sampurna saka kodrat
Ingsun, ing kono wus kanyatan
pratandhaning apngalIngsun kang
minangka bebukaning iradatIngsun, kang
dhingin Ingsun anitahake kayu aran
sajaratulyakin tumuwuh ing sajroning
alam ngadammakdum ajali abadi. Nuli
cahya aran nur muhammad, nuli kaca
aran mirhatulkayai, nuli nyawa aran roh
ilapi, nuli damar aran kandil, nuli sesotya
aran darah, nuli dhindhing jalal aran
kijab. Iku kang minangka warananing
kalaratIngsun.
Wejangan ke-3 Kahananing Dat.
Sajatine manungsa iku rahsanIngsun lan
Ingsun iku rahsaning manungsa, karana
Ingsun anitahake adam asal saka anasir
patang prakara, bumi, geni, angin,
banyu. Iku kang dadi kawujudaning sipat
Ingsun, ing kono Ingsun panjingi mudah
limang prakara, nur, rahsa, roh, napsu,
budi. Iya iku minangka warananing wajah
Ingsun kang maha suci.
Wejangan ke-4 Pambukaning tata malige
ing dalem betalmakmur.
sajatine Ingsun anata malige ana
sajroning betalmakmur, iku omah
enggoning parameyanIngsun, jumeneng
ana sirahing Adam. Kang ana sajroning
sirah iku dimak, yaiku utek, kang ana
antaraning utek iku manik, sajroning
manik iku budi, sajroning budi iku napsu,
sajroning napsu iku suksma, sajroning
suksma iku rahsa, sajroning rahsa iku
Ingsun, ora ana Pangeran anging Ingsn,
dat kang nglimputi ing kaanan jati.
Wejangan ke-5 Pambuka tata malige ing
dalem betalmukarram.
sajatine Ingsun anata malige sajroning
betalmukarram, iku omah enggoning
lalaranganIngsun, jumeneng ana ing
dhadhaningg adam. Kang ana sajroning
dhadha iku ati, kang ana antaraning ati
iku jantung, sajroning jantung iku budi,
sajroning budi iku jinem , yaiku angen-
angen, sajroning angen-angen iku
suksma, sajroning suksma iku rahsa,
sajroning rahsa iku Ingsun. Ora ana
pangeran anging Ingsun dat kang
anglimputi ing kaanan jati.
Wejangan ke-6 Pambuka tata malige ing
dalem betalmukadas.
sajatine Ingsun anata malige ana
sajroning betalmukadas, iku omah
enggoning pasucenIngsun, jumeneng ana
ing kontholing adam. Kang ana sajroning
konthol iku prinsilan, kang ana ing
antaraning pringsilan ikku nutpah, yaiku
mani, sajroning mani iku madi, sajroning
madi iku wadi, sajroning wadi iku
manikem, sajroning manikem iku rahsa,
sajroning rahsa iku Ingsun. Ora ana
pangeran anging Ingsun dat kang
anglimputi ing kaanan jati, jumeneng
sajroning nukat gaib, tumurun dadi johar
awal, ing kono wahananing alam
akadiyat, wahdat, wakidiyat, alam arwah,
alam misal, alam ajsam, alam insan kamil,
dadining manungsa sampurna yaiku
sajatining sipatIngsun.
Wejangan ke-7 Panetep santosaning
iman.
Ingsun anekseni satuhune ora ana
Pangeran anging Ingsun lan anekseni
Ingsun satuhune muhammad iku utusan
Ingsun.
Wejangan ke-8 Sasahidan Ingsun.
anekseni ing DatIngsun dhewe, satuhune
ora ana Pangeran anging Ingsun, lan
anekseni Ingsun satuhune muhammad iku
utusanIngsun. Iya sejatine kan aran
Allah iku badanIngsun, rasul iku
rahsaNingsun, muhammad iku
cahayaNingsun. Iya Ingsun kang urip tan
kena ing pati, iya Ingsun kang eling tan
kena ing lali, iya Ingsun kang langgeng
ora kena owah gingsir ing kaanan jati,
iya Ingsun kang waskitha, ora kasamaran
ing sawiji-wiji. Iya Ingsun kang amurba
amisesa, kang kawasa wicaksana ora
kekurangan ing pakerthi, byar sampurna
padhang terawangan, ora karasa apa-
apa, ora ana katon apa-apa, amung
Ingsun kang anglimputi ing alam kabeh
kalawan kodratIngsun.
Kamis, 09 Mei 2013
sabdo palon
Carita ing nguni-nguni
Kang kocap ing serat Babad
Babada nagari Mojopahit
Nalika duking nguni
Sang-a Brawijaya Prabu
Pan samya pepanggihan
Kaliyan Njeng Sunan Kali
Sabda Palon Naya Genggong rencangira.
Sabdanira arum manis
Nuntun dhateng punakawan
Sabda Palon paran karsi
Jenengsun sapuniki
Wus ngrasuk agama Rasul
Heh ta kakang manira
Meluwa agama suci
Luwih becik iki agama kang mulya.
Sabda palon matur sugal
Yen kawula boten arsi
Ngrasuka agama Islam
Wit kula puniki yekti
Ratuning Dang Hyang Jawi
Momong marang anak putu
Sagung kang para Nata
Kang jumeneng ing tanah Jawi
Wus pinasthi sayekti kula pisahan.
Klawan Paduka sang Nata
Wangsul maring sunya ruri
Mung kula matur petungna
Ing benjang sakpungkur mami
Yen wus prapta kang wanci
Jangkep gangsal atus taun
Wit ing dinten punika
Kula gantos agami
Gama Budha kula sebar ing tanah Jawa.
Sinten tan purun nganggeya
Yekti kula rusak sami
Sun sajakken putu kula
Berkasakan rupi-rupi
Dereng lega kang ati
Yen durung lebur atempur
Kula damel pratandha
Pratandha tembayan mami
Hardi Merapi yen wus njeblug mili lahar.
Ngidul ngilen purugira
Nggada banger ingkang warih
Nggih punika wedal kula
Wus nyebar agama budi
Merapi janji mamai
Anggereng jagad satuhu
Karsanireng Jawata
Sadaya gilir gumanti
Boten kengingkalamutu kaowahan.
Sanget-sangeting sangsara
Kang tuwuh ing tanah Jawi
Sinengkalan tahunira
Lawon Sapta Ngesthi Aji
Upami nyabarang kali
Prapteng tengah-tengahipun
Kaline banjir bandhang
Jeronne ngelebna jalmi
Katahah sirna manungsa prapteng pralaya.
Bebaya ingkang tumeka
Warata sa Tanah Jawi
Ginawe kang paring gesang
Tan kenging dipun singgahi
Wit ing donya puniki
Wonten ing sakwasanipun
Sedaya pra Jawata
Kinarya amertandhani
Jagad iki yekti ana kang akarya.
Warna-warna kang bebaya
Angrusaken Tanah Jawi
Sagung tiyang nambut karya
Pamedal boten nyekapi
Priyayi keh beranti
Sudagar tuna sadarum
Wong glidhik ora mingsra
Wong tani ora nyukupi
Pametune akeh sirna aneng wana.
Bumi ilang berkatira
Ama kathah kang ndhatengi
Kayu katahah ingkang ilang
Cinolong dening sujanmi
Pan risaknya nglangkungi
Karana rebut rinebut
Risak tataning janma
Yen dalu grimis keh maling
Yen rina-wa kathah tetiyang ambengal.
Heru hara sakeh janma
Rebutan ngupaya anggering praja
Tan tahan perihing ati
Katungka praptaneki
Pageblug ingkang linangkung
Lelara ngambra-ambara
Warding saktanah Jawi
Enjing sakit sorenya sampun pralaya.
Kesandhung wohing pralaya
Kaselak banjir ngemasi
Udan barat salah mangsa
Angin gung nggegirisi
Kayu gung brasta sami
Tinempuhing angin agung
Katahah rebah amblasah
Lepen-lepen samya banjir
Lamun tinon pan kados samodra bena.
Alun minggah ing daratan
Karya rusak tepis wiring
Kang dumunung kering kanan
Kajeng akeh ingkang keli
Kang tumuwuh apinggir
Samya kentir trusing laut
Sela geng sami brasta
Kabalebeg katut keli
Gumalundhung gumludhug suwaranira.
Hardi agung-agung samya
Huru-hara nggegirisi
Gumleger swaranira
Lahar wutah kanan kering
Ambleber angelebi
Nrajang wana lan desagung
Manungsanya keh brasta
Kebo sapi samya gusis
Sirna gempang tan wonten mangga puliha.
Lindhu ping pitu sedina
Karya sisahing sujanmi
Sitinipun samya nela
Brekasakan kang ngelesi
Anyeret sagung janmi
Manungsa pating galuruh
Kathah kang nandhang roga
Warna-warna ingkang sakit
Awis waras akeh klang prapteng pralaya.
Sabda Palon nulya mukswa
Sakedhap boten kaeksi
Wangsul ing jaman limunan
Langkung ngungun Sri Bupati
Njegreg tan bisa angling
Ing manah langkung gegetun
Kedhuwung lepatira
Mupus karsaning Dewadi
Kodrat iku sayekti tan kena owah.