Jumat, 14 Juni 2013

Urip

Sanepa Palenggahane
Urip Ning Donya
“ TITIK WANCI “
Titik wanci menungso ono ing
palenggahaning urip,
Urip kang sak becik’e urip,
Urip gemawang nang paran….parane
“ AKARYO JAGAT “,
Jagat sak isine kudu ngerti
pawohing pakarti,
Pakarti budi luhur soko kersa ning
Allah ta’allah sing duweni
singgahsana abadi.
“ MENUNGSO “
Mulo ugo menungso sing
kasembadan…Ojo tho podho
rumongso,
Rumongso kang kaninggaling
kawulo,
Kawulo kuwi kudu ngerti sabdyoning
alam,
Alam kang katatan , sak tenanne,
Sak tenanne menungso kuwi mung
kawijangan rumongso,
Kabeh kuwi kudu ngerti sak tenanne
marang Gusti kang akaryo jagat,
Kang duweni gede rumongso kuwi
kawijangane Gusti Allah.
“ KANUGERAHAN “
Kanugerahan urip kuwi kudu ditoto
lan diwejang.
Ojo ditonton , tapi diroso…diroso
opo piwulange urip sak benere.
Sing koyok ngono kuwi jenengen
manunggaling kapribaden kawulo urip
neng donyo.
Mulo…tho mulo ojo paninggung tapi
kudu wilantah , wilujeng ing
pandongan.
Sing sak bener-benere pandongan
kuwi kudu marekso neng ati lan roso
karo Gusti Allah.
“ DONYO “
Kahanan urip neng donyo kuwi
wejowantahing kawulo Gusti.
Kawulo Gusti kudu duweni doyo
manunggaling roso sejatining roso
urip.
Sejatining roso urip kuwi doyo
kanugerahaning Gusti Allah kang
akaryo jagat sak isine.
Kudu piye menungso neng donyo kuwi
sing ngaluyur uripe…
Menungso ning donyo kuwi kudu
malenggahing roso ning urip.
Kudu ngerti sabenere urip kuwi soko
kersane Allah ta’allah…
Nuwon sewu nek enten lepatipun
pangucap sing mboten enten
pangelmu….mergo kulo
ngerumangsani teseh ngaluyur urip.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar