Senin, 03 Juni 2013

Sasmitho

SASMITANING GHAIB
3 Votes
Sampun kawiyak warananing jagad
Datan maleh hawujud pralampita sakawit
Datan saget kadunungaken ing budi pra
kawulo
Sabab handulu kahanan kamot ing sanepan
Pramila kawedar soho kagunggung sampun
Sadya kahanan dumadi kawiwitan padjajaran
bumi
Kasaput bramantyaning Sang hyang
hanantobogo
Mesu brata sampun badar ing pasepening
pratapan
Kadulu ing katebihan tindaknyo sang noto
hanitih estitama
Katemah taksih karsa sesinglon rupa
hambawur kawulo
Bumi loka taksih kebak ing waspa
Tanah djawi kalimput ing prahara
Lamun sadya piwulang luhur pra wasis datan
kapidangetaken
Ajaran suci pra wiku lan ulama datan
kaprungu sampun
Ujaring si gaplok sabdane pra wiku lan ulama
Datan maleh kuwawa hambasuh budi candolo
Ambeg angkoro datan saget kagondoli
Duh, jagat kuwasaning Gusti
Pra dasih kadya selo brakiti hamawur
tetangisan
Katyoso saget kaprungu ing monco
Lumarap ing waspa hanyaput sadya
tentreming manah pra dasih
Ing wetan brang pernahe
Lumarap tapel wates gelang lan kuriphan
Bumi blumbangan bakale katrajang ing
mayangkara
Nusa kembini bakalan hanglangut ing sepi
Rinakut dening agni soko yomani
Pra taruna gyo rangkut tumandang
Gugur gunung gyo sabiyantu
Lamun welas adedasar asih tanpa pamrih
Tumuju ing prasetyoning karahayoning bawono
Pralampita kasebat sampun, tutuping warso
gyo kinanti
Gunggunging layon datan kapetung
Wusana kinaryo tumbal gyo Hyang Batara
Kala
Sinengker sampun lakuning jagad kadulu
Datan sadengah titah gyo purna
mratelakaken kang dumugi
Lamun datan titah pujangkara kasihing Gusti
Mesti bakal katalumpen soho kasiku
hamedar sasmitaning alam sunyaluri
kasebat sastra jendra hayuningrat
Lamun taksih karsa ing pepemut
Lamun taksih eling ing pepeling
Lamun taksih setyotuhu mring piwulanging
werda suci
Lamun taksih kadunungan cahyaning Gusti
Mrih rahayu ing tindak dumugi
Tansah emut sasmitaning kang simandi
Tutup babagan hawa sanga mesu budi olah
semedi
Tansah manuwun pangayoman saking Gusti
Tansah waspada mring lakuning tirta ubaling
agni angkara
Laju kiprahipun bayu bakale
Gyo hamikut bebanten dumugi
Wadya bala bregasakan gyo kembul bujana
handra wina
Handulu waspa soho panandaning pra kawulo
Wong tua kang kecalan atmojo
Kanoman podo liwung kapengat dening
asmara
Rerantaning bocah kang katilar wong tuwo
dadi kunarpo
Eling den eling…….
Gelar sepapan barisaning pra lampor
hambrakut kidul pernahe
Padjajaran bumi pinangko pambukaning
pepemut
Tutuping warso pinangka madyaning lampah
nampi pacobi
Lamun taksih kadunungan daya iman sejati
bakale adoh ing bilahi
Tapel wates gelang, kuriphan lumeret wetan
bumi Blumbangan
Jinangka Nusa Kembini bakale kapiran ing
bilahi
Bumi Klungkung manggih rahayu
Kalis ing rubedo, kalis ing bebendu
Wusananing oncating Sang kala,
Katitik ing pucuking Sapta renggo
Sang Nata gyo jumangkah,
Nungkulaken kyai sidem kayom
Pinayungan songgsong tunggul naga,
Kaderekaken sang Ismoyo
Gyo luwar sadya panandhang,
Oncat kapracondang pra wadya begasaan
Gyo sumingkir podo tinggal glanggang
Kasoran pamoring sang nata
Bumi djawi rahayu kinanti ing dumugi
Lamun katumbalan iklhas ing budi
Gyo bali minturut dawuh
Soho piwulang ing werda suci
Sakawit sadya puniko
Hamung kinaryo hangunduh wohing pakarti
Tansah ngunjuk syukur mring Ilahi
Saperlu rahayu awak mami
Sabab tanpo rowang sanak kadang bakale
ngrewangi
Manowo taksih nandang pacobi
Hamung Iman soho setyo ing janji
Mring dawuhing guru sejati bakale bisa
Wujudake manunggaling kawula Gusti
Inggih puniko margi ingkang bakale
nyentosani

Tidak ada komentar:

Posting Komentar