Minggu, 02 Juni 2013

Papat 5 pancer

PAPAT LIMA PANCER
5 Votes
Ing Kekayon wayang
purwa kang kaprahe kasebut
Gunungan, ana kono gambar
Macan, Bantheng, Kethek lan
Manuk Merak. Kocape kuwi
mujudake Sedulur Papat
mungguhing manungsa. Kewan
cacah papat mau nggambarake
nafsu patang warna yaiku :
Macan nggambarake nafsu
Amarah, Bantheng
nggambarake nafsu Supiyah,
Kethek nggambarake nafsu
Aluamah, lan Manuk Merak
nggambarake nafsu Mutmainah.
SEDULUR PAPAT LIMA
PANCER Njupuk sumber saka
Kitab Kidungan Purwajati
seratane , diwiwiti saka
tembang Dhandanggula kang
cakepane mangkene :
Ana kidung ing kadang
Marmati Amung tuwuh ing
kuwasanira Nganakaken
saciptane Kakang Kawah puniku
Kang rumeksa ing awak mami
Anekakake sedya Ing
kuwasanipun Adhi Ari-Ari
ingkang Memayungi laku
kuwasanireki Angenakken
pangarah Ponang Getih ing
rahina wengi Ngrerewangi ulah
kang kuwasa Andadekaken
karsane Puser kuwasanipun
Nguyu-uyu sabawa mami Nuruti
ing panedha Kuwasanireku
Jangkep kadang ingsun papat
Kalimane wus dadi pancer sawiji
Tunggal sawujud ingwang Ing
tembang dhuwur iku disebutake
yen ” Sedulur Papat ” iku
Marmati, Kawah, Ari-Ari, lan
Getih kang kaprahe diarani
Rahsa. Kabeh kuwi mancer neng
Puser (Udel) yaiku mancer ing
Bayi.
Cethane mancer
marang uwonge kuwi. Geneya
kok disebut Marmati, kakang
Kawah, Adhi Ari-Ari lan Rahsa
kuwi?. Marmati iku tegese
Samar Mati ! lire yen wong
wadon pas nggarbini ( hamil )
iku sadina-dina pikirane uwas
Samar Mati. Rasa uwas kawatir
pralaya anane dhisik dhewe
sadurunge metune Kawah, Ari-
Ari lan Rahsa kuwi mau, mulane
Rasa Samar Mati iku banjur
dianggep minangka Sadulur
Tuwa. Wong nggarbini yen pas
babaran kae, kang dhisik dhewe
iku metune Banyu Kawah sak
durunge laire bayi, mula Kawah
banjur dianggep Sadulur Tuwa
kang lumrahe diarani Kakang
Kawah. Yen Kawah wis mancal
medhal, banjur disusul laire
bayi, sakwise kuwi banjur disusul
Metune Ari-Ari . Sarehne Ari-Ari
iku metune sakwise bayi lair,
mulane Ari-Ari iku diarani
Sedulur Enom lan kasebut Adhi
Ari-Ari Lamun ana wong abaran
tartamtu ngetokake Rah
( Getih ) sapirang-pirang.
Wetune Rah (Rahsa) iki uga ing
wektu akhir, mula Rahsa iku uga
dianggep Sedulur Enom. Puser
(Tali Plasenta) iku umume PUPAK
yen bayi wis umur pitung dina.
Puser kang copot saka udel kuwi
uga dianggep Sedulure bayi. Iki
dianggep Pancer pusate Sedulur
Papat . Mula banjur tuwuh unen-
unen ” SEDULUR PAPAT LIMA
PANCER ” 0 Kekayon wayang
purwa kang kaprahe kasebut
Gunungan, ana kono gambar
Macan, Bantheng, Kethek lan
Manuk Merak. Kocape kuwi
mujudake Sedulur Papat
mungguhing manungsa.
Kewan cacah papat
mau nggambarake nafsu patang
warna yaiku : Macan
nggambarake nafsu Amarah,
Bantheng nggambarake nafsu
Supiyah, Kethek nggambarake
nafsu Aluamah, lan Manuk
Merak nggambarake nafsu
Mutmainah kang kabeh mau bisa
dibabarake kaya ukara ing
ngisor iki: Amarah : Yen
manungsa ngetutake amarah iku
tartamtu tansaya bengkerengan
lan padudon wae, bisa-bisa
manungsa koncatan kasabaran,
kamangka sabar iku mujudake
alat kanggo nyaketake dhiri
marang Allah SWT. Supiyah /
Kaendahan : Manungsa kuwi
umume seneng marang kang
sarwa endah yaiku wanita
(asmara). Mula manungsa kang
kabulet nafsu asmara
digambarake bisa ngobong
jagad. Aluamah / Srakah :
Manungsa kuwi umume padha
nduweni rasa srakah lan
aluamah, mula kuwi yen ora
dikendaleni, manungsa
kepengine bisa urip nganti
pitung turunan. Mutmainah /
Kautaman : Senajan kuwi
kautaman utawa kabecikan,
nanging yen ngluwihi wates ya
tetep ora becik.
Contone; menehi duwit
marang wong kang kekurangan
kuwi becik, nanging yen kabeh
duwene duwit diwenehake
satemah uripe dewe rusak, iku
cetha yen ora apik. Mula kuwi,
sedulur papat iku kudu direksa
lan diatur supaya aja nganti
ngelantur. Manungsa diuji aja
nganti kalah karo sedulur papat
kasebut, kapara kudu menang,
lire kudu bisa ngatasi krodhane
sedulur papat. Yen manungsa
dikalahake dening sedulur papat
iki, ateges jagade bubrah. Ing
kene dununge pancer kudu bisa
dadi paugeran lan dadi
pathokan. Bener orane,
nyumanggakake

Tidak ada komentar:

Posting Komentar