Kamis, 09 Mei 2013

KIDUNG DARMAWEDHA


1. Ana pandhita akarya ing wangsit,mindha kombang angajab ing tawang ,susuh angin ngendi nggone ,lawan galihing kangkung ,wekasane langit jaladri ,isining wuluh wungwang lan gigiring punglu,tapaking anglayang ,manuk miber uluke ngungkuli langit,kusuma anjra ing tawang.
2. Ngambil banyu apikulan warih,amek geni sami adadamar,kodhok ngemuli elenge ,miwah kang banyu den kum,kang dahana murub kabesmi ,bumi panetak ingkang,pawana katiyub,tanggal pisan kapurnawan,yen anenun sonteg pisan anigasi kuda ngrap ing pandegan.
3. Ana kayu apurwa sawiji wit buwana epang keblat papat,agedong mega tumembe ,apradapa kukuwung kembang lintang segara langit ,sami andaru langit,woh surya lan tengsu.asirat bun lawan udan ,apupuncak akasa bungkah pratiwi oyode bayu bajra.
4. Wiwitane duk anemu candi,gegodhonganbmiwah wawarangkan.sihing hyang kabesmi kabeh ,tan ana janma kang weruh yen weruha purwane dadi .candi segara wetan ,ingobar karuhun,kahyangane sanghyang tunggal ,sapa reke kang jumeneng mung hartati ,katon tengahing tawang.
5. Aunung agung segara sarandil,langit ingkang amnegku bawana ,kawruhana ing artine ,gunung segara umung,guntur sirna amnegku bumi ,tug kang langit buwana,dadya weruh iku mudya madyaning ngawiyat,mangasrama ing gunung agung sabumi,candhi candhi sagara.
6. Gunung luhure kagiri giri,sagara agung datanpa sama,pasampun kawruhan reke,artadaya ounuku ,datan kena cinakreng budi,anging kang sampun prapta ing kuwasaning ,angadeg tengahing jagad ,wetan kulon lor kidul ngandhap myang nginggil ,kapurba wisesa.
7. Bumi sagara gunung myang kali,sagunging kang isining bawana,kasor ing artadayane ,sagaar sat kang gunung ,guntur sirna guwa samya nir,singa wruh artadaya,dadya teguh timbul lan dadi paliyasing prang,yeng lulungan kang kapapag wedi asih sato galak suminggah.
8. Jim perih prayangan samya wedih, mendhak asih sakehing drubiksa,rumeksa siyang dalune singah anempuh lumpuh,tan tumama ing awak mami kang nedya tan raharja,kabeh pan linebur,sakehe kang nedya ala,larut sirna kang nedya becik basuki,kang sinedya waluya.
9. Siyang ndalu,rineksa hyang widhi ,dinulur saking karseng hyang widhi,kadhep ing jalma kabeh,apan wikuning wikuwikan liring pujasamadi ,dadi sasedyanira mangunah linuhung paparab hyang tegalanang asimpen yen tuwujuh jroning ati,kalis ing pancabaya.
10. Yen kinarya atungguh wong sakit ejim setan datan wani ngambah rineksa malaekat ,nabi wali angepung sakeh lara samya sumingkir ,ingk.ang nedya mitenah ,maring awak ingsun ,rinusak dening pangeran ,eblis laknat sato marah padha mati ,tumpes tepis sadaya


Tidak ada komentar:

Posting Komentar