Kamis, 30 Mei 2013

Hidayat jati

SERAT HIDAYAT JATI
7 Votes
Wejangan ke-1 Ananing Dat.
Sajatine ora ana apa-apa awit duk
maksih awang-uwung durung ana sawiji-
wiji, kang ana dhingin Ingsun, sajatine
kang maha suci anglimputi ing
sipatIngsun, anartani ing asmanIngsun,
amratandhani ing apngalIngsun.
Wejangan ke-2 Wahananing Dat.
sajatine Ingsun dat kang amurba
amisesa kang kawasa anitahake sawiji-
wiji, dadi sanalika, sampurna saka kodrat
Ingsun, ing kono wus kanyatan
pratandhaning apngalIngsun kang
minangka bebukaning iradatIngsun, kang
dhingin Ingsun anitahake kayu aran
sajaratulyakin tumuwuh ing sajroning
alam ngadammakdum ajali abadi. Nuli
cahya aran nur muhammad, nuli kaca
aran mirhatulkayai, nuli nyawa aran roh
ilapi, nuli damar aran kandil, nuli sesotya
aran darah, nuli dhindhing jalal aran
kijab. Iku kang minangka warananing
kalaratIngsun.
Wejangan ke-3 Kahananing Dat.
Sajatine manungsa iku rahsanIngsun lan
Ingsun iku rahsaning manungsa, karana
Ingsun anitahake adam asal saka anasir
patang prakara, bumi, geni, angin,
banyu. Iku kang dadi kawujudaning sipat
Ingsun, ing kono Ingsun panjingi mudah
limang prakara, nur, rahsa, roh, napsu,
budi. Iya iku minangka warananing wajah
Ingsun kang maha suci.
Wejangan ke-4 Pambukaning tata malige
ing dalem betalmakmur.
sajatine Ingsun anata malige ana
sajroning betalmakmur, iku omah
enggoning parameyanIngsun, jumeneng
ana sirahing Adam. Kang ana sajroning
sirah iku dimak, yaiku utek, kang ana
antaraning utek iku manik, sajroning
manik iku budi, sajroning budi iku napsu,
sajroning napsu iku suksma, sajroning
suksma iku rahsa, sajroning rahsa iku
Ingsun, ora ana Pangeran anging Ingsn,
dat kang nglimputi ing kaanan jati.
Wejangan ke-5 Pambuka tata malige ing
dalem betalmukarram.
sajatine Ingsun anata malige sajroning
betalmukarram, iku omah enggoning
lalaranganIngsun, jumeneng ana ing
dhadhaningg adam. Kang ana sajroning
dhadha iku ati, kang ana antaraning ati
iku jantung, sajroning jantung iku budi,
sajroning budi iku jinem , yaiku angen-
angen, sajroning angen-angen iku
suksma, sajroning suksma iku rahsa,
sajroning rahsa iku Ingsun. Ora ana
pangeran anging Ingsun dat kang
anglimputi ing kaanan jati.
Wejangan ke-6 Pambuka tata malige ing
dalem betalmukadas.
sajatine Ingsun anata malige ana
sajroning betalmukadas, iku omah
enggoning pasucenIngsun, jumeneng ana
ing kontholing adam. Kang ana sajroning
konthol iku prinsilan, kang ana ing
antaraning pringsilan ikku nutpah, yaiku
mani, sajroning mani iku madi, sajroning
madi iku wadi, sajroning wadi iku
manikem, sajroning manikem iku rahsa,
sajroning rahsa iku Ingsun. Ora ana
pangeran anging Ingsun dat kang
anglimputi ing kaanan jati, jumeneng
sajroning nukat gaib, tumurun dadi johar
awal, ing kono wahananing alam
akadiyat, wahdat, wakidiyat, alam arwah,
alam misal, alam ajsam, alam insan kamil,
dadining manungsa sampurna yaiku
sajatining sipatIngsun.
Wejangan ke-7 Panetep santosaning
iman.
Ingsun anekseni satuhune ora ana
Pangeran anging Ingsun lan anekseni
Ingsun satuhune muhammad iku utusan
Ingsun.
Wejangan ke-8 Sasahidan Ingsun.
anekseni ing DatIngsun dhewe, satuhune
ora ana Pangeran anging Ingsun, lan
anekseni Ingsun satuhune muhammad iku
utusanIngsun. Iya sejatine kan aran
Allah iku badanIngsun, rasul iku
rahsaNingsun, muhammad iku
cahayaNingsun. Iya Ingsun kang urip tan
kena ing pati, iya Ingsun kang eling tan
kena ing lali, iya Ingsun kang langgeng
ora kena owah gingsir ing kaanan jati,
iya Ingsun kang waskitha, ora kasamaran
ing sawiji-wiji. Iya Ingsun kang amurba
amisesa, kang kawasa wicaksana ora
kekurangan ing pakerthi, byar sampurna
padhang terawangan, ora karasa apa-
apa, ora ana katon apa-apa, amung
Ingsun kang anglimputi ing alam kabeh
kalawan kodratIngsun.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar